Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 7 Kitab Sutji (JAV)

Wong Israel kang padha diecapi

7:1-8

1. Sawise iku aku weruh malaekat papat jumeneng ana ing pojoking bumi papat padha nyandhet angine bumi papat, supaya aja ana angin niyup menyang ing dharatan utawa menyang ing sagara tuwin menyang ing wit-witan.

2. Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,

3. tembunge: “Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurunge aku padha ngecapi para abdine Allahku ing bathuke!”

4. Lan aku krungu cacahe kang padha kaecapan iku: Panunggalane talere Banisrael kabeh kang kaecapan ana satus patang puluh papat ewu.

5. Saka taler Yahuda kang kaecapan rolas ewu,saka taler Ruben rolas ewu,taler Gad rolas ewu,

6. taler Asyer rolas ewu,taler Naftali rolas ewu,taler Manasye rolas ewu,

7. saka taler Simeon rolas ewu,taler Lewi rolas ewu,taler Isakhar rolas ewu,

8. saka taler Zebulon rolas ewu,taler Yusuf rolas ewu,taler Benyamin rolas ewu.

Wong akeh kang cacahe tanpa wilangan

7:9-17

9. Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.

10. Iku padha nguwuh kalawan swara seru:“Karahayon punika sayogya kadarbe ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempe!”

11. Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,

12. kalawan munjuk:“Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah panguwaos punapadene kasekten sayogya kadarbe ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!”

13. Tumuli ing antarane para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku: “Sapa kang padha manganggo jubah putih iku lan pinangkane saka ing ngendi?”

14. Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.

15. Mulane padha ngadhep ana ing ngarepe dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengane rina-wengi ana ing Padalemane Suci, apadene bakal padha ingauban dening kang lenggah ing dhampar iku kalawan tarube,

16. sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kena ing dayaning srengenge utawa ing panas kang sumelet.

17. Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”