Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 2 Kitab Sutji (JAV)

Tekane para pandhita

2:1-12

1. Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem

2. lan takon-takon:“Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”

3. Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.

4. Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.

5. Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:

6. Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”

7. Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;

8. nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”

9. Para pandhita sawise nampani pangandikane Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wetan, iku ndhisiki lakune tumeka ing padunungane Sang Timur lan mandheg ing sandhuwure.

10. Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.

11. Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.

12. Sawise mangkono, sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane.

Gusti kaungsekake menyang ing tanah Mesir

2:13-15

13. Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”

14. Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir,

15. lan manggon ing kana nganti sasedane Sang Prabu Herodhes. Mangkono dadine kayektenan apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningSun nimbali PutraningSun.”

Tumpese bocah-bocah ing kutha Betlehem

2:16-18

16. Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.

17. Ing kono kayektenan kang kapangandikakake dening Nabi Yeremia:

18. “Ana swara kaprungu ing kutha Rama, panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhel nangisi anak-anake lan emoh kalipur, awit anak-anake wus padha ora ana.”

Kondure Gusti saka ing tanah Mesir

2:19-23

19. Bareng Sang Prabu Herodhes wus seda, ana malaekating Pangeran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing tanah Mesir, kang dhawuh:

20. “Tangia, Sang Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah Israel, amarga sing padha ngarah sedane Sang Timur wus padha mati.”

21. Yusuf tangi, Sang Putra lan kang ibu diajak bali menyang tanah Israel.

22. Ananging bareng krungu warta, yen Pangeran Arkhelaus nggentosi kang Rama Sang Prabu Herodhes jumeneng nata ana ing tanah Yudea, dadi sumelang yen mranaa. Nanging sarehne tampa wangsiting Allah ing sajroning pangimpen, banjur ngener menyang ing tlatah tanah Galilea.

23. Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.