Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 15 Kitab Sutji (JAV)

Pepakoning Pangeran lan tatanan agama

15:1-20

1. Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:

2. “Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”

3. Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?

4. Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.

5. Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,

6. wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.

7. Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:

8. Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene,dene atine adoh karo Ingsun.

9. Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun,dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”

10. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:

11. “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”

12. Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”

13. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.

14. Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”

15. Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.”

16. Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?

17. Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?

18. Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.

19. Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.

20. Yaiku kang gawe jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.”

Wong wadon bangsa Kanaan kang pracaya

15:21-28

21. Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lan Sidon.

22. Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”

23. Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”

24. Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane:“Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.”

25. Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!”

26. Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.”

27. Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.”

28. Ing kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras.

Gusti Yesus maringi mangan wong patang ewu

15:29-39

29. Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.

30. Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.

31. Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.

32. Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”

33. Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggen kawula sami saged angsal roti wonten ing papan ingkang samun makaten, ingkang ngantos saged damel tuwuking tiyang ingkang samanten kathahipun punika?”

34. Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padha duwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulane para sakabat, “sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.”

35. Gusti Yesus banjur dhawuh marang wong akeh iku, supaya padha lungguh ing lemah.

36. Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.

37. Tumuli kabeh padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono turahane diklumpukake, nganti dadi pitung kranjang kebak.

38. Anadene kang padha melu mangan iku kang lanang, kajaba wong wadon lan bocah-bocah, cacahe patang ewu.

39. Sawise iku Gusti Yesus nuli dhawuh marang wong akeh, supaya padha mulih. Panjenengane banjur nitih prau tindak menyang ing tlatah Magadan.