Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 14 Kitab Sutji (JAV)

Sedane Nabi Yokanan

14:1-12

1. Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,

2. banjur ngandika marang para abdine: “Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten kaya mangkono.”

3. Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.

4. Jalaran Nabi Yokanan ngengetake Sang Prabu: “Boten kenging panjenengan dalem mundhut garwa Sang Putri Herodhias!”

5. Sang Prabu Herodhes kagungan karsa nyedani Nabi Yokanan, nanging ajrih karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengane.

6. Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosane Sang Nata Herodhes, putri putrane Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemake panggalihe Sang Nata Herodhes,

7. nganti Sang Prabu Herodhes nglairake sumpah bakal maringi apa bae, sing disuwun.

8. Wasana, marga saka wis diajani ingkang ibu, putri mau banjur munjuk: “Keparenga adalem nyuwun sirahipun Yokanan Pambaptis wonten ing griki, kawadhahana ing talam.”

9. Sang Nata dadine sungkawa panggalihe, nanging marga saka wis supaos lan marga saka anane para tamu, banjur dhawuh maringake,

10. sarta utusan nigas janggane Nabi Yokanan ana ing pakunjaran

11. lan mustakane digawa ana ing talam kapasrahake marang putri mau, kang banjur dicaosake marang ingkang ibu.

12. Sawise iku para sakabate Nabi Yokanan tumuli teka ngukup layone, disarekake, banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturake bab mau.

Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu

14:13-21

13. Bareng Gusti Yesus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.

14. Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.

15. Sorene para sakabate padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika samun tur sampun wiwit peteng. Tiyang kathah punika prayogi kadhawuhan kesah tumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.”

16. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowe bae padha menehana mangan.”

17. Unjuke para sakabat: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih.”

18. Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawenen mrene, wenehna Aku.”

19. Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.

20. Kabeh banjur padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono cuwilan-cuwilan turahane diklumpukake dadi rolas wakul kebak,

21. sing melu mangan mau cacahe wong lanang kira-kira limang ewu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapetung.

Gusti Yesus tindak napak ing sagara

14:22-36

22. Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindake menyang ing sabrang, dene wong akeh padha kadhawuhan mulih.

23. Bareng wong akeh wis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengane piyambakan bae ana ing kono.

24. Nalika iku lakune praune para sakabat wis sawetara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga angine nampek.

25. Bareng wis jam telu bengi Gusti Yesus tindak nusul para sakabate, tindake napak ing sagara.

26. Nalika para sakabat sumurup Panjenengane tindak ing sadhuwuring banyu iku, padha kaget lan alok: “Ana memedi!” banjur padha jerit-jerit, marga saka wedine.

27. Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”

28. Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.”

29. Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.

30. Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!”

31. Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?”

32. Banjur padha munggah ing prau, angine tumuli mendha.

33. Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”

34. Sawise nyabrang, padha mentas ana ing tanah Genesaret.

35. Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Gusti Yesus, banjur padha aweh weruh marang ing wewengkon kono kabeh. Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wong lara, kasowanake ing ngarsane,

36. kalawan matur, keparenga amung ndemek gombyoking jubahe, dene sapira kang ndemek, padha dadi waras.