Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 1 Kitab Sutji (JAV)

Sarasilahe Gusti Yesus

1:1-17

1. Iki sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhake Sang Prabu Dawud, tedhake Rama Abraham.

2. Rama Abraham peputra Iskak, Iskak peputra Yakub, Yakub peputra Yahuda sasadhereke;

3. Yahuda peputra Peres lan Zerah, patutan saka Tamar; Peres peputra Hezron, Hezron peputra Ram;

4. Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon;

5. Salmon peputra Boas patutan saka Rakhab; Boas peputra Obed patutan saka Rut; Obed peputra Isai,

6. Isai peputra Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu Suleman, patutan saka tilas bojone Uria,

7. Sang Prabu Suleman peputra Rehabeam, Rehabeam peputra Abia, Abia peputra Asa,

8. Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia;

9. Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

10. Hizkia peputra Manasye, Manasye peputra Amon, Amon peputra Yosia;

11. Yosia peputra Yekhonya sasadhereke, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

12. Sawise jaman pambuwangan menyang Babil, Yekhonya peputra Sealtiel, Sealtiel peputra Zerubabel;

13. Zerubabel peputra Abihud, Abihud peputra Elyakim, Elyakim peputra Azor;

14. Azor peputra Zadhok, Zadhok peputra Akhim, Akhim peputra Eliud;

15. Eliud peputra Eleazar, Eleazar peputra Matan, Matan peputra Yakub;

16. Yakub peputra Yusuf bojone Maryam, kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk Sang Kristus.

17. Dadi gunggunge saka Rama Abraham tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.

Miyose Gusti Yesus

1:18-25

18. Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.

19. Sarehne Yusuf bojone iku wong mursid sarta ora gelem mirangake Maryam ana ing ngarepe wong akeh, mulane sumedya medhot pepacangane kanthi sidheman.

20. Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,

21. sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”

22. Bab iku anggone kalakon supaya kayektenana apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi mangkene:

23. “Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

24. Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran, Maryam dipek bojo,

25. nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.