Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 28 Kitab Sutji (JAV)

Wungune Gusti Yesus

28:1-10

1. Bareng dina Sabat wis kliwat, ing wayah bangun esuk, ing dina kapisan ing minggu iku, Maryam Magdalena karo Maryam sijine padha lunga niliki pasarean.

2. Banjur ana lindhu gedhe, awit ana malaekating Pangeran kang tumedhak saka ing langit nyelak lan ngglundhungake watune, nuli dilenggahi.

3. Pasuryane katon kaya kilat, pangagemane putih kaya salju.

4. Sing padha jaga gumeter wedi banget nganti kaya wong mati.

5. Ananging malaekat mau ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowe aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowe padha nggoleki Gusti Yesus kang disalib iku.

6. Panjenengane ora ana ing kene, awit wis wungu, kaya kang wis dipangandikakake. Padha mrenea, delengen panggonan kang mentas kagem sumare.

7. Mulane padha endang balia lan kandhaa marang para sakabate, yen Panjenengane wis wungu saka ing antarane wong mati lan ndhisiki lakumu menyang Galilea. Kowe bakal padha ndeleng Panjenengane ana ing kana. Yaiku pawartaku marang kowe kabeh.”

8. Wong-wong mau banjur enggal-enggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatan marani sakabat prelu menehi pawarta bab mau.

9. Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.

10. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”

Wong sing jaga padha dibeseli

28:11-15

11. Nalika wong-wong mau lagi padha ana ing dalan, ana wong sawatara kang mentas jaga kang padha menyang ing kutha, ngaturi uninga marang para pangareping imam, bab apa kang mentas kalakon mau kabeh.

12. Para pangareping imam mau sawise pirembagab karo pinituwa, banjur padha gawe putusan, para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit akeh

13. lan padha diweling: “Kowe padha martak-martakna, yen ing wayah bengi para sakabate padha teka nyolong layone, nalika kowe kabeh lagi padha turu.

14. Manawa bab iki kaprungu dening wali-nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengane, supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.”

15. Para prajurit banjur padha nampani dhuwite lan nindakake apa kang wis kadhawuhake. Carita mangkono iku banjur sumebar ana ing satengahe wong-wong Yahudi nganti saprene.

Dhawuh supaya padha ngabarake Injil

28:16-20

16. Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus.

17. Bareng padha ndeleng Panjenengane banjur padha sujud, nanging ana sawatara kang isih mangu-mangu.

18. Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.

19. Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,

20. apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”