Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 26 Kitab Sutji (JAV)

Gusti paring sumurup kaping pate bab anggone bakal nandhang sangsara. Pangrantam arep nyedani Gusti

26:1-5

1. Sawise Gusti Yesus mungkasi piwulange mau, banjur ngandika marang para sakabate:

2. “Kowe padha sumurup, yen kurang rong dina wis riyaya Paskah, dene Putraning Manungsa bakal kaulungake supaya kasalib.”

3. Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas

4. apirembugan bab anggone arep nyepeng Gusti Yesus kanthi paekan lan nyedani Panjenengane.

5. Nanging rembuge: “Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadekake gegere wong akeh.”

Gusti Yesus kajebadan

26:6-13

6. Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug,

7. ana wong wadon kang marak ing ngarsane, nggawa goci isi lenga jebad kang larang regane, banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus, nalika lagi lenggah dhahar.

8. Para sakabate weruh kang mangkono iku, padha muring-muring, pangucape: “Yagene kok ngeceh-eceh mangkono?

9. Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.”

10. Nanging Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabate, banjur ngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wong wadon iki? Kang ditandukake marang Aku iki panggawe becik.

11. Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe.

12. Amarga anggone ngesokake lenga ing awakKu iku, ateges nganakake pacawisan tumrap anggonKu bakal kakubur.

13. Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.”

Yudas tampa upah

26:14-16

14. Sawise iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenenge Yudas Iskariot, marani para pangareping imam,

15. lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.

16. Lan wiwit nalika iku Yudas golek jalaran bisane ngladosiake Gusti Yesus.

Gusti Yesus dhahar Paskah karo para sakabate

26:17-25

17. Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”

18. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyanga kutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.”

19. Para sakabat banjur nindakake apa sapangandikane Gusti Yesus lan nyawisake Paskah.

20. Bareng wis sore Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para sakabate rolas.

21. Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.”

22. Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanes kawula, ta, Gusti?”

23. Paring wangsulane: “Sing bebarengan karo Aku nyelupake tangane ing pinggan iki, yaiku sing bakal ngulungake Aku.

24. Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”

25. Yudas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur: “Rak sanes kawula, ta, Guru?” Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani!”

Bujana Suci kang kawitan

26:26-29

26. Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”

27. Sawise mangkono nuli mundhut tuwung lan sawise caos sokur banjur diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha ngombea kabeh ing tuwung iki.

28. Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa.

29. Mung bae Aku pitutur marang kowe: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe maneh pametuning wit anggur iki, nganti tumeka dinane Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowe ana ing Kratoning RamaKu.”

Pangandika bab bakal buyare para sakabat lan anggone Petrus bakal nyelaki Gusti Yesus

26:30-35

30. Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang ing gunung Zaitun.

31. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar.

32. Nanging sawise Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowe kabeh menyang ing Galilea.”

33. Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.”

34. Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Satemene Aku pitutur marang kowe: Bengi iki, sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”

35. Atur wangsulane Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Para sakabat liyane iya padha munjuk mangkono.

Ana ing patamanan Getsemane

26:36-46

36. Tindake Gusti Yesus karo para sakabate wis tekan ing panggonan kang aran Getsemane. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate:“Padha linggiha ing kene, Aku arep mrana ndedonga.”

37. Panjenengane banjur tindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padha kadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris.

38. Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.”

39. Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature:“Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”

40. Banjur murugi sakabat telu mau, padha ketemu turu. Panjenengane ngandika marang Petrus: “Apa kowe ora kuwat ngrewangi melek Aku sajam bae?

41. Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”

42. Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”

43. Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut.

44. Tumuli padha ditilar maneh kaping telune lan ndedonga kaya sing uwis.

45. Sawise mangkono banjur murugi para sakabate lan ngandika:“Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsane Putraning Manungsa kaulungake marang tamganing wong-wong dosa.

46. Padha tangia, ayo padha lunga, kang ngulungake Aku wis cedhak.”

Gusti Yesus kecepeng

26:47-56

47. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthi wong sagolongan gedhe, kang padha sikep pedhang lan penthung, utusane para pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi.

48. Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau: “Wong sing dakcucup, yaiku wonge, cekelen!”

49. Satekane banjur enggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup.

50. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Heh, kanca, iku ta prelumu teka?” Wong-wong mau banjur padha maju lan nyekel Gusti Yesus.

51. Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung.

52. Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang.

53. Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?

54. Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”

55. Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.

56. Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supaya kayektenana kang tinulis ing kitabe para nabi.” Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengane lan padha lumayu kabeh.

Gusti Yesus ana ing ngarepe pradata

26:57-68

57. Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Toret lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono.

58. Petrus ngetutake saka ing kadohan nganti tekan ing plataraning Imam Agung, lan bareng wis mlebu banjur linggih ing satengahe para abdi, arep nyumurupi karampunganing prakara.

59. Para pangareping imam, malah sapepake pradata padha golek seksi palsu kang nglawan Gusti Yesus, supaya Panjenengane bisa kapatrapan paukuman pati,

60. nanging ora bisa oleh, sanadyan akeh seksi palsu kang padha seba. Wasana ana wong loro kang maju,

61. lan matur: “Tiyang punika nate cariyos: Aku bisa mbubrah Padalemane Allah lan bisa mbangun maneh sajroning telung dina.”

62. Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yesus: “Apa kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwane seksi-seksi iki?”

63. Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”

64. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”

65. Ing kono Imam Agung nyuwek pangagemane lan ngandika: “Wong iki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggo seksi? Sapunika panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah.

66. Kadospundi panimbang panjenengan?” Kabeh padha mangsuli: “Tiyang punika kedah kaukum pejah.”

67. Banjur padha ngidoni pasuryane lan ngantemi; ana maneh kang napuki

68. kanthi ngucap: “Heh, Kristus, coba kandhakna marang aku kabeh, sapa kang napuk kowe?”

Petrus nyelaki Gusti Yesus

26:69-75

69. Nalika samana Petrus linggih ana ing jaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nyedhaki lan alok: “Sampeyan nggih tumut kalih Yesus, tiyang Galilea niku!”

70. Nanging Petrus selak ana ing ngarepe wong kabeh, wangsulane: “Kula boten ngreti kajeng sampeyan niku.”

71. Bareng dheweke menyang ing regol, ana abdi liyane kang weruh, banjur kandha karo wong-wong kang ana ing kono: “Wong iki golongane Yesus, wong Nasaret iku.”

72. Nanging Petrus selak maneh kanthi sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku.”

73. Ora let suwe wong-wong sing ana kono padha nyedhaki Petrus lan calathu: “Kowe iku mesthi iya golongane wong iku, iki wis katara saka basamu.”

74. Petrus banjur wiwit nyupatani awake dhewe lan sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku.” Nalika iku banjur ana jago kluruk.

75. Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “ Sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara.