Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 4 Kitab Sutji (JAV)

Kang wenang ngadili iku mung Pangeran

4:1-5

1. Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdine Sang Kristus, kang pinracaya rumeksa ing kekerane Gusti Allah.

2. Tumrap para abdi kang kaya mangkono iku, mung siji sarate: yaiku temen.

3. Tumraping aku dakanggep sepele, apa kowe utawa sadhengah pangadilaning manungsa kang ngadili marang aku. Malah awakku dhewe iya ora dakadili.

4. Sabab aku pancen ora rumangsa apa-apa, ananging ora awit saka iku anggonku kabenerake. Kang ngadili aku iku Gusti.

5. Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.

Padha diandhap asor

4:6-21

6. Para sadulur, gunemku iki mau daketrapake marang awakku dhewe lan marang Apolos, marga saka kowe, supaya marga saka tetuladhanku iku, kowe padha sinau mangreteni apa ta tegese unen-unen: “Aja ngungkuli apa kang tinulis,” supaya ing antaramu aja nganti ana kang kumlungkung kanthi ngegungake kang siji ngremehake sijine.

7. Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?

8. Kowe iku wus padha wareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa aku kowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becike yen ta pancen nyata mangkono, manawa kowe wus padha dadi ratu, satemah aku iya padha melu dadi ratu karo kowe!

9. Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.

10. Aku iki padha bodho awit saka Sang Kristus, nanging kowe padha wasis ana ing Sang Kristus. Aku padha apes, nanging kowe padha rosa. Kowe padha mulya, nanging aku padha ora kajen.

11. Nganti tumeka ing wektu iki aku padha nandhang luwe, ngelak, kawudan, digebugi sarta padha urip nglembara,

12. aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;

13. yen aku dipitenah, aku padha males sumeh; aku wis padha dadi leletheking jagad, padha karo kesede wong kabeh nganti tumeka saiki.

14. Bab iki daktulis ora nedya gawe isinmu, nanging kanggo ngelingake kowe kabeh kang dadi anak-anakku kang daktresnani.

15. Marga sanadyan kowe padha duwea pamomong maewu-ewu ana ing Sang Kristus, nanging ora duwe bapa akeh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Sang Kristus Yesus sarana Injil kang dakwartakake marang kowe.

16. Mulane kowe padha dakpituturi: Padha nuladaa marang aku!

17. Iya iku mulane aku banjur kongkonan Timoteus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowe. Iku kang bakal ngelingake kowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus, kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.

18. Nanging ana wong sawatara kang banjur padha kumenthus, marga wong mau padha duwe pangira, yen aku ora bakal nekani kowe maneh.

19. Nanging manawa Gusti marengake, aku bakal enggal nekani kowe. Ing kono aku bakal nyumurupi, dudu tembunge wong kang kumenthus mau, nanging daya-kakuwatane.

20. Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan.

21. Apa ta kang padha kokkarepake? Apa tekaku marang kowe kudu nggawa gitik apa kalawan katresnan lan budi sareh?