Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 12 Kitab Sutji (JAV)

Peparing iku beda-beda, nanging Sang Roh iku mung siji

12:1-11

1. Saiki bab peparinge Sang Roh. He para sadulur, karepku kowe padha nyumurupana ing sabenere.

2. Kowe rak padha sumurup, yen ing nalikane kowe durung padha wanuh karo Gusti Alah, tanpa kokpikir kowe padha kagendeng marang brahala-brahala kang bisu.

3. Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.

4. Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji.

5. Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.

6. Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.

7. Nanging saben wong kaparingan wedharane Sang Roh kanggo kapreluaning wong akeh.

8. Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijine tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Sang Roh iku uga.

9. Kang siji kaparingan pracaya, iya dening Sang Roh iku mau, lan sijine peparing bisa marasake iya saka Panjenengane uga.

10. Kang siji peparing bisa nganakake mukjijat, sijne pamedhar wangsit, sijine maneh kabisan mbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kang siji kabisan calathu nganggo basa roh, sijine maneh kabisan njarwakake basa roh mau.

11. Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.

Badan siji, gegelitane akeh

12:12-31

12. Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.

13. Marga kita kabeh dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika, wus padha kabaptis dadi badan siji padha kaombenan ing tunggal Roh.

14. Awitdene badan iku perangane rak ora mung siji, nanging akeh.

15. Saupama sikil calathu mangkene: “Sarehne aku dudu tangan, mulane aku ora klebu peranganing badan,” apa bener yen sikil iku ora klebu peranganing badan?

16. Lan saupama kuping calathu mangkene: “Sarehne aku dudu mripat, mulane aku ora klebu peranganing badan,” kang iku apa iya bener yen kuping mau ora klebu peranganing badan?

17. Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrungune ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandane ana ing ngendi?

18. Nanging Gusti Allah wus mrenahake gegelitan iku, ing papane dhewe-dhewe ana ing badan, manut ing sakarsane.

19. Saupama kabeh iku mau mung dadi perangan siji, banjur badane iku ana ing ngendi?

20. Pancen perangane iku akeh, nanging badane mun siji.

21. Kang iku mripat ora kena calathu marang tangan mangkene: “Aku ora butuh kowe.” Lan sirah ora kena calathu marang sikil mangkene: “Aku ora butuh kowe.”

22. Malah peranganing badan kang ringkih dhewe, iku kang dibutuhake banget.

23. Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.

24. Dene perang-peranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karukti mangkono. Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang perangan kang rupane ora pantes,

25. supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabeh perangan kang beda-beda kaanane iku malah padha reksa-rineksaa.

26. Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.

27. Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus, sarta siji-sijine padha dadi perangane.

28. Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.

29. Apa kabeh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabeh mau padha tampa kabisan nganakake mukjijat,

30. utawa marasake, utawa kabisan migunakake basa roh utawa njarwakake basa roh?

31. Mulane padha nggayuha marang peparing kang pinunjul dhewe. Anadene aku nuduhake kowe dalan kang luwih utama maneh.