Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 9 Kitab Sutji (JAV)

Wewenang lan kawajibane rasul

9:1-27

1. Apa aku iki dudu rasul? Aku rak wong merdika, ta? Apa aku ora wus ndeleng Gusti Yesus, Gusti kita? Kowe iku apa ora dadi garapanku ana ing Gusti?

2. Sanadyan kanggone wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.

3. Iki panjawabku marang wong kang padha ngritik aku.

4. Apa aku ora duwe wewenang mangan lan ngombe?

5. Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?

6. Utawa apa mung aku lan Barnabas bae kang ora duwe wewenang kabebasake saka ing pagawean kasar?

7. Sapa ta kang wus tau melu maju perang kanthi wragad dhewe? Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan ora mangan wohe? Utawa sapa ta kang angon pepanthan wedhus lan ora ngombe puhane?

8. Tuturku kang mangkono iku apa mung gagasaning manungsa bae? Angger-anggering Toret rak iya mratelakake mangkono ta?

9. Sabab ing angger-anggere Nabi Musa ana tulisan mangkene: “Sira aja mbrongsong cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling.” Apa Gusti Allah iku nggumatosi sapi?

10. Apa kita kang kinarsakake? Iya, bab iki katulis kanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olehe pandumane.

11. Kang iku manawa aku kang wis padha nyebar wiji kasukman kanggo kowe kabeh, apa ora kena aku padha ngeneni pametumu kadagingan?

12. Manawa wong liya padha wenang ngarep-arep panduman saka kowe, apa wewenangku ora luwih gedhe?Nanging aku padha ora migunakake wewenang mau. Balik aku malah padha mbetahake samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injile Sang Kristus.

13. Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha leladi ing padaleman suci iku pangane iya saka ing padaleman suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha oleh panduman saka ing misbyah kono?

14. Mangkono uga Gusti iya wus mranata, para kang ngabarake injil, iku uripe iya saka anggone ngundhangake Injil iku.

15. Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo ......! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!

16. Sabab yen aku ngabarake Injil, iku ora duwe dhasar kanggo ngegungake dhiri. Marga iku rak kawajibanku. Malah bilai aku manawa ora ngabarake Injil.

17. Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.

18. Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.

19. Sanadyan aku iki merdika tumraping wong kabeh, ewadene aku ngawulakake awakku marang wong kabeh, supaya aku keparenga nggendeng wong kang akeh banget.

20. Tumrape wong Yahudi aku dadi kaya wong Yahudi, supaya aku bisaa nggendeng wong Yahudi. Tumrap para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret aku dadi kaya wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, -- sanadyan aku dhewe ora kawengku ing angger-anggering Toret -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret.

21. Tumrape wong kang padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, aku dadi kaya wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret -- sanadyan uripku iku ora tanpa angger-anggering Allah, sabab aku kawengku ing angger-anggere Sang Kristus -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret.

22. Tumrape wong kang padha ringkih, aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku bisaa nggendeng marang wong kang padha ringkih. Tumrap sarupaning wong aku wus dadi pepadhane, supaya sabisa-bisa aku nggendenga wong sawatara saka ing antarane.

23. Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil, supaya aku melua oleh pandumane.

24. Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.

25. Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.

26. Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.

27. Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.