Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 10 Kitab Sutji (JAV)

Bangsa Israel minangka pangilon

10:1-13

1-2. Anadene karepku, para sadulur, supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita padha kaauban ing mega, lan kabeh wis padha lumaku nratas patunggilane Nabi Musa sarana kabaptis ana ing mega lan ing sagara mau.

3. Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman,

4. lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.

5. Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.

6. Kabeh iki mau wis kalakon minangka tuladha lan pepeling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kapengin marang piala, kaya kang wus katindakake dening wong-wong mau,

7. lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenehing panunggalane, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong akeh iku padha lelungguhan, mangan lan ngombe; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng.”

8. Kita aja padha laku jina, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, temahan ana wong telu likur ewu kang padha mati sadina.

9. Karomaneh kita aja padha nyoba marang Gusti, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, satemah padha tiwas dening ula.

10. Sarta aja padha grundelan kaya sawenehing panunggalane, satemah padha ditumpes dening malaekating pati.

11. Kabeh iki mau wus tumempuh marang wong-wong mau minangka tuladha, lan katulisan supaya dadia pepeling tumrap kita kang wus padha urip ing pungkasaning jaman.

12. Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!

13. Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.

Bab bujana suci lan sesajening brahala

10:14-22

14. Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.

15. Aku pitutur marang kowe iku kaya marang wong kang padha duwe pangreten. Padha timbangen dhewe apa kang dakpituturake!

16. Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?

17. Ing sarehne rotine iku mung siji, kang iku kita sanadyan akeh, dadi badan siji; marga kabeh padha oleh panduman saka roti siji iku.

18. Padha titenana bangsa Israel kang mungguh ing daging: wong kang padha mangan kurban iku rak oleh panduman ing paladosaning misbyah, ta?

19. Apa ta kang dakkarepake kandha mangkono iku? Apa sesajening brahala iku ana tegese? Utawa, apa brahala iku ana kanyataane?

20. Ora! Dene kang dakkarepake, sesajene wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh reged, ora marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yen kowe padha tetunggalan karo para roh reged.

21. Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.

22. Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?

Bab apa kang dadi sesirikan

10:23--11:1

23. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang mbangun.

24. Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe, nanging saben wong ngaraha untunging liyan.

25. Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

26. Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”

27. Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.

28. Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.

29. Kang dakkarepake pangrasaning ati iku dudu pangrasaning atimu dhewe, nanging atine wong liya iku. Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta, dene kamardikanku kok ditemtokake dening pangrasaning atine wong liya?

30. Manawa aku melu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagene aku kok dialakake marga saka panganan kang daksokuri iku mau?

31. Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.

32. Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.

33. Dikaya aku iki iya ngarah nglegakake atine wong kabeh ing bab apa bae, ora kanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggo kabutuhane wong akeh, supaya padha nemua karahayon.