Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 2 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkono uga nalikane aku nemoni kowe, para sadulur, tekaku ora kanthi pitembungan kang dakik-dakik utawa kanthi kawasisan anggonku nglantarake paseksen kang saka Gusti Allah marang kowe.

2. Sabab aku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus, yaiku Panjenengane kang sinalib.

3. Lan maneh tekaku nemoni kowe iku kalawan apes lan wedi banget sarta gumeter.

4. Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh,

5. supaya pracayamu aja nganggo landhesan kawasisaning manungsa, nanging kakiyataning Allah.

Bab kawasisan kang sajati

2:6-16

6. Sanadyan mangkono aku padha nglairake kawasisan ana ing kalangane wong kang wus padha cakep, nanging dudu kawasisane jagad iki, lan dudu kawasisane para panguwasa ing jagad iki, yaiku panguwasa kang bakal sirna.

7. Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.

8. Lan panguwasaning jagad iki ora ana kang nyumurupi bab iki, awit manawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gustining kamulyan.

9. Nanging kaya kang katulisan, wiraose:“Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”

10. Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh itu nitipriksa samubarang kabeh, dalah bab wewadine Gusti Allah.

11. Awit sapa ta ing antarane manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atine, kajaba mung rohe manungsa iku dhewe kang ana ing batine? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang tinemu ana ing Gusti Allah kajaba Rohe Gusti Allah.

12. Kita ora nampani rohe jagad, nanging Sang Roh kang asale saka Gusti Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparinge Gusti Allah marang kita.

13. Lan sarehne aku padha aweh katrangan bab-bab karohanen marang wong-wong kang padha kadunungan Sang Roh, anggonku ngrembug bab sih-kamirahane Gusti Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangake marang aku kabeh dening kawicaksananing manungsa, nanging dening Sang Roh.

14. Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.

15. Balik wong kasukman iku nitipriksa samubarang kabeh, nanging awake dhewe ora katiti dening liyan.

16. Sabab: “Sapa ta kang nyumurupi panggalihe Pangeran, nganti bisa mulang Panjenengane?” Nanging aku padha kadunungan panggalihe Sang Kristus.