Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 16 Kitab Sutji (JAV)

Pisungsung kanggo pasamuwan Yerusalem

16:1-4

1. Bab nglumpukake dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wis dakwenehake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati.

2. Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.

3. Dene besuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkon ngeterake pisungsungmu menyang Yerusalem, nganggo dakkantheni layang.

4. Manawa prelu aku iya melu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku.

Rancangane Rasul Paulus

16:5-9

5. Dene anggonku bakal nekani kowe, besuk sawise aku nratas ing tanah Makedhonia, awit lakuku metu ing Makedhonia.

6. Bisa uga ana ing Korinta aku bakal tetunggalan karo kowe nganti sawatara suwe, utawa bokmanawa ing sajrone mangsa bedhidhing, temah kowe padha bisa aweh pitulungan ing bab anggonku nerusake lakuku.

7. Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan bae anggonku bakal niliki kowe, malah manawa Gusti marengake anggonku tetunggalan karo kowe iku bisaa nganti rada suwe.

8. Nanging aku bakal leren ana ing Efesus nganti riyaya Pentekosta.

9. Marga ana ing kono, aku kawenganan lawang amba lan santosa, kanggo nindakake ayahan kang agung lan wigati, sanadyan akeh wong kang padha nglawan.

Katrangan sawatara

16:10-18

10. Dene samangsa Timoteus teka, padha ngaraha supaya anggone ana ing satengahmu iku aja nganggo sumelang, sabab dheweke nglakoni ayahane Gusti padha kaya aku.

11. Mulane aja nganti ana wong kang nyepelekake! Malah wenehana pitulungan, amrih bisaa nerusake lakune kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekane karo para sadulur liyane.

12. Dene mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakake wus bola-bali supaya nilikana kowe bareng karo para sadulur liyane, nanging ora bisa ngleksanani ing wektu saiki. Sedyane arep teka mengko yen wis ana longgaring wektu kang becik.

13. Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!

14. Sakehing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.

15. Ana maneh panjalukku marang kowe, para sadulur. Kowe padha sumurup yen Stefanus sabrayate iku kang kawitan padha mratobat ana ing tanah Akhaya, sarta wus cumawis ngladeni para suci.

16. Mulane padha manut mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang melu tumindak ing gawe sarta padha nglakoni rekasa.

17. Aku bungah awit saka tekane Stefanus, Fortunatus lan Akhaikus, awit iku padha nyukupi apa kang dadi kekuranganmu;

18. sabab para sadulur iku padha gawe ayeming atiku lan atimu. Mulane padha ngajenana wong kang kaya mangkono iku.

Salam

16:19-24

19. Sakehe pasamuwan ing tanah Asia-Cilik padha kirim salam marang kowe kabeh. Akwila, Priska dalah pasamuwan kang ana ing omahe padha kirim salam mawantu-wantu marang kowe.

20. Sadulur kabeh padha kirim salam marang kowe. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.

21. Kalawan tanganku dhewe, aku nulis iki: Salam saka Paulus.

22. Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!

23. Sih-rahmate Gusti Yesus, nunggila ing kowe kabeh.

24. Tresnaku anaa ing kowe kabeh sajroning patunggilane Sang Kristus Yesus.