Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 18 Kitab Sutji (JAV)

Reca sesembahane Mikha direbut dening bani Dhan

18:1-31

1. Nalika samana ing Israel ora ana ratune lan ing nalika iku suku Dhan lagi ngupaya tanah pusaka kang bakal dienggoni ana ing antarane taler-taler Israel.

2. Marga saka iku wong bani Dhan nuli padha kongkonan wong lima saka wong sagotrahe kabeh, padha wong gagah prakosa kang asale saka ing Zora lan ing Esytaol, padha dikon nelik lan niti-priksa nagara iku sarta kaweling: “Mangkata lan niti-priksaa nagara iku!” Bareng wong-wong mau tumeka ing pagunungan Efraim ing omahe Mikha, padha nginep ana ing kono.

3. Nalika tekan ing sacedhake omahe Mikha mau, padha ngreti marang pakecapane wong nom suku Lewi iku, banjur diampiri lan diaruh-aruhi: “Sinten ingkang mbekta panjenengan mriki? Padamelan panjenengan punapa lan kagungan urusan punapa wonten ngriki?”

4. Wangsulane wong Lewi mau marang kang padha ngaruh-aruhi: “Makaten-makaten tandukipun Mikha dhateng kula; kula dipun blanja saha kula dados imamipun.”

5. Pangucape wong mau marang wong Lewi iku: “Sumangga panjenengan kula aturi neges dhateng Gusti Allah, supados kula sageda sami sumerep, punapa lampah kula punika badhe angsal damel.”

6. Wangsulane imam iku marang wong-wong mau: “Sami kula aturi tindak kanthi tentrem rahayu! Ayahan ingkang panjenengan lampahi punika sae wonten ing paningalipun sang Yehuwah.”

7. Wong lima mau banjur padha mangkat, nuli padha tekan ing Lais. Rakyat kang ana ing kono katon tentrem uripe, miturut adate wong ing Sidon, tentrem lan ayem. Wong iku ora padha kekurangan apa-apa ing bab apa kang ana ing salumahing bumi, malah padha sugih dhuwit. Pamanggone adoh karo wong ing Sidon lan padha ora sesrawungan karo sapa bae.

8. Wong kang padha nelik mau saulihe marang para sadulure tunggal taler ing Zora lan ing Esytaol, banjur ditakoni dening para sadulure mau: “Apa kang koktrenjuhi ana ing kana?”

9. Wangsulane: “Padha samektaa, payo padha mangsah nglurug mrana, amarga aku wus padha ndeleng nagara iku, pancen apik banget. Genea kowe padha meneng bae? Aja padha aras-arasen nglurug ngejegi lan ngebeki nagara iku!

10. Satekamu ing kana kowe bakal nrenjuhi rakyat kang tentrem uripe, sarta tanahe iku jembar alang-ujure. Lah Gusti Allah wus ngulungake iku marang ing tanganmu; iku panggonan kang ora kekurangan samubarang kang ana ing salumahing bumi.”

11. Tumuli gotrahe suku Dhan budhal saka ing Zora lan ing Esytaol kehe ana wong nem atus padha sikep gegaman.

12. Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.

13. Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.

14. Wong lima kang maune lunga nelik tanah ing Lais iku banjur padha kandha marang para sadulure, tembunge: “Apa kowe padha sumurup, yen ing omah-omah kene ana efode lan terafime, apadene reca ukir-ukiran lan reca cor-coran? Lah saiki kowe padha ngretia temenan apa kang bakal koklakoni!”

15. Banjur padha mampir nekani omahe wong nom suku Lewi iku ing omahe Mikha sarta padha takon kaslametane.

16. Ing nalika iku wong nem atus panunggalane bani Dhan kang sikep gegaman mau padha mandheg ana ing regol;

17. dene wong lima kang maune lunga nelik tanah iku padha nerusake lakune lan lumebu sarta njupuki recane ukir-ukiran, efode, terafime lan recane cor-coran. Dene imame ngadeg ana ing regol awor karo wong nem atus kang sikep gegaman mau.

18. Nanging, bareng wong mau wus padha lumebu ing omahe Mikha sarta njupuki reca ukir-ukiran, efod, terafim lan recane cor-coran, imam mau banjur ngaruh-aruhi: “Padha ngapa kowe iku?”

19. Wangsulane wong-wong iku marang imam mau: “Wis cep menenga, mingkema, melua aku lan dadia bapak lan imamku kabeh. Endi sing kok pilih: ngimami omahe wong siji, apa ngimami wong sataler, iya sagotrah ing satengahe wong Israel?”

20. Imam mau seneng atine, njupuki efod, terafim tuwin recane ukir-ukiran, banjur melu lumaku ana ing satengahe wong akeh.

21. Wong-wong iku tumuli padha minger mbanjurake lakune, bocah-bocah lan raja-kaya apadene barang-barnag kang pangaji dilakokake ana ing ngarep.

22. Bareng wus kepara adoh saka ing omahe Mikha, wong kang manggon ana ing sacedhake omahe Mikha padha kaklumpukake, nututi bani Dhan.

23. Wong-wong mau padha nyeluki bani Dhan, mulane bani Dhan banjur padha nolih sarta ngucap marang Mikha: “Ana apa kowe kok padha krompolan mangkono?” Nuli diwangsuli:

24. “Lah wong kowe padha njupuki allahku olehku gawe, dalah imame, nuli kowe padha lunga. Aku iki kari duwe apa maneh? Kapriye dene aku kokuneni: Ana apa kowe iku?

25. Wong bani Dhan tumuli padha mangsuli: “Aja nganti aku padha krungu swaramu, supaya aja nganti ana wong kang gregeten nuli padha nempuh marang kowe, temah kowe kelangan nyawamu dalah nyawane saisining omahmu.”

26. Bani Dhan banjur padha nutugake lakune, dene Mikha sarehne ngreti, yen kana luwih kuwat katimbang karo dheweke, mulane banjur bali mulih.

27. Bani Dhan iku klawan nggawa barang gegaweane Mikha dalah imame, tumuli padha tekan ing Lais, kang dienggoni rakyat kang ayem tentrem uripe. Rakyat iku ditumpes klawan landheping pedhang sarta kuthane diobong.

28. Ora ana wong teka nulungi, marga panggonane adoh saka ing Sidon lan ora sesrawungan karo sapa-sapaa. Prenahe kutha iku ana ing lebak Bet-Rehob. Sawuse mangkono, kuthane banjur dibangun maneh lan dienggoni.

29. Kuthane nuli dielih arane dadi Dhan, miturut asmane leluhure, yaiku Rama Dhan, putrane Rama Israel, nanging kutha iku maune aran Lais.

30. Wong bani Dhan banjur ngadegake reca ukir-ukiran iku mau, sarta Yonatan, bin Gersom bin Musa dalasan turun-turune padha dadi imame taler Dhan nganti tumeka wong ing tanah kono iku padha dadi wong buwangan.

31. Kaya mangkono anggone reca ukir-ukiran gaweane Mikha iku kaadegake lan reca iku ana ing kono, sasuwene padalemane gusti Allah ana ing Silo.