Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 10 Kitab Sutji (JAV)

Sang Tola

10:1-2

1. Sapengkere Sang Abimelekh kang jumeneng hakim ngluwari Israel iku Sang Tola bin Pua bin Dhodho, wong saka taler Isakhar, daleme ana ing Samir ing pagunungan Efraim.

2. Lan anggone ngakimi Israel lawase telulikur taun, banjur seda, kasarekake ana ing Samir kono.

Sang Yair

10:3-5

3. Sapengkere Sang Tola kang jumeneng hakim Sang Yair wong ing Gilead, anggone ngakimi Israel lawase rolikur taun.

4. Putrane kakung telung puluh, kang padha nunggang kuldi lanang telung puluh, sarta padha ndarbeni kutha telung puluh, kang katelah saprene karan Hawot-Yair, prenahe ana ing tanah Gilead.

5. Wasana Sang Yair seda, sarta kasarekake ana ing Kamon.

Israel katindhes dening bani Amon

10:6-18

6. Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.

7. Bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad marang wong Israel, temah iku padha dipasrahake marang ing tangane wong Filisti lan bani Amon.

8. Ing taun iku uga bangsa iku nindhes lan nganiaya wong Israel; anggone padha nindhes sakehing wong Israel kang padha manggon ana ing sabrange bengawan Yarden, ing tanah Amori kang kaprenah ana ing tanah Gilead lawase nganti wolulas taun.

9. Lan wong bani Amon mau malah iya banjur padha nyabrang ing bengawan Yarden, arep nempuh perang nglawan suku Yehuda, suku Benyamin tuwin turune Efraim, temah wong Israel padha banget kapepete.

10. Wong Israel tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah unjuke: “Kawula sampun sami damel dosa dhumateng Paduka, awit sami nyingkur Gusti Allah kawula sarta ngabekti dhateng Baal.”

11. Nanging Sang Yehuwah banjur ngandika marang wong Israel: “Apa dudu Ingsun kang wus ngluwari sira saka ing tangane wong Mesir, wong Amori, bani Amon, wong Filisti,

12. wong Sidon, suku Amalek lan suku Maon, kang nindhes sira, nalika sira padha sesambat marang Ingsun?

13. Nanging sira padha nyingkur marang Ingsun sarta ngabekti marang allah liyane, mulane Ingsun ora bakal ngluwari sira maneh.

14. Padha lungaa sesambata marang para allah kang padha sira pilih, iku kareben padha ngluwari sira, samangsa sira padha kapepet.”

15. Unjuke wong Israel marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun sami damel dosa, sumangga sami Paduka punapakaken ing sakarsa Paduka. Namung sapunika mugi Paduka luwari.”

16. Banjur padha nyingkirake allah-allah liyane saka ing tengahe sarta padha ngabekti marang Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ora bisa menggak penggalihe mirsani kasangsarane wong-wong mau.

17. Wasana wong bani Amon padha kaklumpukake lan padha makuwon ana ing Gilead, dene wong Israel padha nglumpuk lan makuwon ana ing Mizpa.

18. Para panggedhening bangsa ing Gilead padha sapocapan: “Sapa ta kang wani miwiti perang nglawan bani Amon iku? Iku kang pantes dadi panggedhening sakehe wong Gilead.”