Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 19 Kitab Sutji (JAV)

Lelakon ana ing Gibea kang dadi cacadan

19:1-30

1. Nalika ing Israel ora ana ratune kelakon ana sawijining wong Lewi kang neneka, manggon ana ing pungkurane pagunungan Efraim, kang ngalap bojo selir saka ing Betlehem-Yehuda.

2. Nanging selire iku nuli sedheng marang dheweke, banjur purik ninggal bojone mulih menyang omahe bapakne ing Betlehem-Yehuda mau, nuli ana ing kono suwene patang sasi.

3. Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.

4. Malah banjur diendheg dening maratuwane, iya iku bapakne wong wadon noml mau, nganti telung dina ana ing omahe bapakne iku; padha mangan lan ngombe sarta nginep ana ing kono.

5. Bareng ing patang dinane nalika esuk uthuk-uthuk padha tangi lan nalika wong Lewi mau tata-tata arep mangkat, bapakne wong wadon mau tumuli kandha marang mantune: “Sarapan roti sacuwil dhisik, nuli padha mangkata!”

6. Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”

7. Nanging bareng wong mau ngadeg arep mangkat, dipeksa-peksa dening maratuwane, banjur nginep maneh.

8. Bareng ing limang dinane nalika wong mau tata-tata ing wayah esuk arep mangkat, bapakne wong wadon mau kandha: “Sarapana dhisik ta, banjur srantekna tekan wayah lingsir kulon.” Sakarone banjur padha mangan.

9. Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”

10. Nanging wonge ora gelem nginep, malah tumuli tata-tata lan banjur mangkat. Lakune tekan ing ngarepe Yebus -- yaiku Yerusalem -- dalasan kuldine loro kang wis abah-abahan lan selire uga melu.

11. Bareng lakune tekan ing cedhake Yebus mau, srengengene wus endhek banget; bature banjur matur marang bendarane: “Sumangga sami mampir ing kithanipun tiyang Yebus punika, sami nyipeng wonten ing ngriku.”

12. Nanging bendarane mangsuli: “Aku ora bakal padha mampir ing kuthane wong ngamanca, kang dudu wewengkone wong Israel, becik aku padha mbacutake laku nganti tekan ing kutha Gibea.”

13. Banjur kandha maneh marang bature: “Ayo padha mbacutake laku nganti tutug ing salah sawijining panggonan kana, padha nginep ana ing Gibea utawa ing Rama.”

14. Dadine padha mbacutake lakune. Bareng wus cedhak ing kutha Gibea, kang klebu tlatahe taler Benyamin, srengenge wis surup.

15. Marga saka iku banjur padha menyang Gibea, arep nginep ana ing kono lan salebune tumuli lungguh ana ing ara-araning kutha, nanging ora ana wong siji-sijia kan ngajak menyang omahe ngwenehi panginepan.

16. Nanging ing wayah sore iku banjur ana wong tuwa mulih saka pagaweane ing tegal. Wong mau asale saka ing pagunungan Efraim, neneka manggon ana ing Gibea, nanging wong kang padha manggon ing kutha kono iku wong Benyamin.

17. Bareng wong tuwa mau ndengengek ndeleng wong lelaku ana ing ara-araning kutha, tumuli aruh-aruh: “Panjenengan badhe dhateng pundi, lan panjenengan rawuh saking pundi?”

18. Wangsulane marang wong-wong mau: “Kula saweg sami lelampah saking Betlehem-Yehuda badhe dhateng ing pengkeraning pareden ing Efraim; asal kula saking ing ngriku. Kula mentas kesah dhateng Betlehem-Yehuda lan sapunika badhe mantuk dhateng griya kula. Nanging boten wonten tiyang ingkang ngajak kula dhateng ing griyanipun,

19. sanadyan kula sampun gadhah dami saha pakan kangge kuldi kula, makaten ugi sampun woten roti tuwin anggur kangge kula saha abdi panjenengan tiyang estri, punapa dene kangge abdi ingkang tumut kula; kula sami boten kekirangan punapa-punapa.”

20. Wong tuwa mau banjur kandha: “Sampun ngantos kuwatos! Sadaya ingkang panjenengan betahaken kula ingkang badhe nanggel, nanging panjenengan sampun ngantos nyipeng wonten ing ara-araning kitha punika.”

21. Wonge tumuli diater lumebu ing omahe sarta kuldine padha dipakani; dene sawuse wisuh sikil, banjur padha mangan lan ngombe.

22. Nanging bareng lagi padha enak-enak, lah wong ing kutha kono, wong kang ambek dursila, tumuli padha ngepung omah iku mau, padha ndhodhogi lawang sarta padha celathu marang wong tuwa kang duwe omah tembunge: “Wong kang mentas teka ing omahmu iku gawanen metu, arep dakanggo seneng-seneng!”

23. Wonge kang duwe omah banjur metoni marang wong akeh sarta padha dituturi: “Sampun ta para sadherek kula, bok sampun ngantos nglampahi piawon makaten, amargi tiyang punika sampun wonten ing griya kula, bok sampun nglampahi piawon kados makaten!

24. Nanging kula gadhah anak taksih prawan, lan seliripun tiyang punika, sami kula bektanipun medal, punika panjenengan damel sukan-sukan, saha panjenengan damel ing sakarsa panjenengan, namung tiyang punika sampun panjenengan damel pangewan-ewan!”

25. Nanging wong mau padha ora ngrewes marang ing pituture. Wong Lewi mau banjur nyandhak selire digawa metu menyang ing jaba kaulungake marang wong akeh, banjur dituroni klawan digawe dolanan sawengi natas, nganti tumeka ing wayah esuk. Bareng wetune bang-bang wetan wong wadon mau lagi ditinggal lunga.

26. Nalika wayah bangun esuk wong wadon mau lagi bali, nanging ambruk ana ing ngarepe lawanging omahe wong tuwa kang diinepi bendarane, lan dheweke gumlethak ana ing kono nganti padhang.

27. Bareng bendarane ing wayah esuk tangi, tumuli ngengakake lawange omah sarta metu sumedya mbanjurake lakune, lah wong wadon, selire iku ketemu gumlethak ana ing lawanging omah, tangane padha sumeleh ana ing tlundhag.

28. Pangucape marang wong wadon mau: “Ngadega, payo padha mangkat.” Nanging ora ana wangsulane; mayite banjur diemotake ing kuldi, lan wonge tumuli budhal mulih.

29. Satekane ing omahe banjur njupuk lading, sarta selire dicandhak ditengkel-tengkel miturut gegelitane dadi rolas tengkel, padha dikirimake menyang sakehing tlatahe tanah Israel.

30. Lan angger wong kang weruh duwe pangucap: “Kang kaya mangkono iku durung tau kelakon utawa kasumurupan wiwit ing dinane wong Israel padha budhal metu saka ing tanah Mesir nganti saiki. Mara, prakara iki pikiren lan timbang-timbangen banjur caturana.”