Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 14 Kitab Sutji (JAV)

Kramane Sang Simson lan cangkrimane

14:1-20

1. Sang Simson tindak menyang ing Timna lan ana ing kono mirsa sawijining prawan bangsa Filisti.

2. Sakondure tumuli ngaturi pirsa marang kang rama lan kang ibu, ature: “Kula sumerep tiyang estri ing Timna, anakipun tiyang Filisti; punika mugi panjenengan pundhutaken dadosa semah kula.”

3. Nanging kang rama lan kang ibu padha ngandikani: “Panunggalane anake sanak-sadulurmu lan panunggalane bangsaku kabeh apa ora ana wong wadon, dene kowe kok nganti ngalap rabi saka bangsa Filisti, wong kang ora tetak? Ature Simson marang kang rama: “Kula mugi panjenengan pundhutaken tiyang punika, amargi punika ingkang kula remeni.”

4. Nanging kang rama lan kang ibu padha ora mirsa, yen prakara iku saka pangrehe Pangeran yehuwah; marga Sang Simson kudu golek dadakan nglawan wong Filisti. Awit ing wektu samana wong Filisti njajah wong Israel.

5. Sang Simson banjur tindak sesarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Timna. Bareng tekan ing pakebonan anggur ing Timna, lah ana singa anom mapagake lampahe Sang Simson karo nggero;

6. Sang Simson banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah singane disuwek-suwek kaya nyuwek cempe tanpa apa-apa ing astane. Nanging apa kang ditindakake iku ora dicaritakake marang kang rama lan kang ibu.

7. Sawuse iku Sang Simson tumuli nglajengake tindake, sarta banjur rembagan karo wong wadon iku, amarga Sang Simson remen karo wong iku.

8. Sawuse antara lawas panjenengane tumuli wangsul mrono maneh perlu ningkahan karo wong wadon iku; lan ing nalika nyimpang saka ing dalan, perlu nuweni bathange singa, lah katon ana krompolaning tawon kang padha manggon ing raganganing singa sarta ana madune.

9. Iku banjur dirogoh klawan astane sarta didhahar karo nglajengake tindake, tumuli manggihi kang rama lan kang ibu, uga padha diaturi lan padha dhahar. Nanging ora dicaosi pirsa yen anggone mundhut madu iku saka ing raganganing singa.

10. Bareng kang rama wus tindak murugi wong wadon mau, Sang Simson banjur damel bujana ana ing kono, awit mangkono kang dadi adate wong nom-noman.

11. Bareng wong kono padha weruh Sang Simson, tumuli padha milih kanca telung puluh kang njagongi panjenengane.

12. Wong iku banjur padha dipangandikani dening Sang Simson: “Sumangga, panjenengan sami kula caosi cangkriman, manawi ing salebetipun pahargyan pitung dinten punika panjenengan saged maringi batanganipun ingkang trep, panjenengan sami badhe kula caosi rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji, tuwin panganggen pameran tigang dasa pangadeg.

13. Nanging manawi panjenengan boten saged mbadhe, dados panjenengan ingkang kedah maringi dhateng kula rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji saha panganggen pameran tigang dasa pangadeg.” Pangucape wong mau marang Sang Simson: “Sumangga panjenengan wedharaken cangkrimanipun, badhe kula pirengaken.”

14. Pangandikane Sang Simson marang wong mau:“Wonten tedha ingkang medal saking ingkang memangsa, wonten lelegi ingkang medal saking ingkang rosa.”Nganti telung dina suwene ora ana kang bisa mbadhe cangkrimane.

15. Bareng dina kang kaping pitune, wong mau kandha marang garwane Sang Simson: “Bojomu bujuken, supaya nglairna batangane cangkriman iku marang aku; dene yen ora, aku bakal ngobong kowe sarta saisining omahe bapakmu. Apa perlune kowe ngundang aku, apa murih aku padha dadi mlarat? Rak ora ta?”

16. Sang Simson tumuli dirangkul karo muwun dening kang garwa, ature: “Panjenengan sengit dhateng kula lan boten remen dhateng kula; panjenengan mbethekaken cangkriman dhateng bangsa kula, nanging batanganipun boten panjenengan ngandikakaken dhateng kula.”

17. Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.

18. Bareng ing pitung dinane, sadurunge srengenge surup, wong ing nagara kono banjur matur marang Sang Simson:“Punapa ingkang leginipun ngungkuli madu?Punapa ingkang rosanipun ngungkuli singa?”Pangandikane Sang Simson marang wong-wong mau:“Yen anggonmu mluku ora nganggo sapiku wadon,mesthi kowe ora bisa mbatang cangkrimanku.”

19. Sang Simson tumuli katedhakan ing Rohe Yehuwah, banjur tindak menyang ing Askelon sarta mateni panunggalane wong telung puluh, padha didhedheli panganggone lan sandhangane pameran iku diwenehake marang wong kang padha bisa mbatang cangkrimane. Nanging dukane isih mulad-mulad, tumuli kondur menyang ing daleme kang rama.

20. Dene garwane Sang Simson iku digathukake karo kancane, tilas pengiringe.