Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 12 Kitab Sutji (JAV)

Sang Yefta lan Efraim

12:1-7

1. Wong ing Efraim padha diklumpukake, banjur padha menyang ing Zafon, lan padha matur marang Sang Yefta: “Anggen panjenengan nglurugi perang nglawan bani Amon punika punapaa dene kok boten kanthi ngajak kula? Milanipun dalem panjenengan badhe kula besmi dalah panjenengan sadaya!”

2. Sang Yefta banjur mangsuli marang wong-wong mau: “Aku lan bangsaku wus padha ana ing sajroning paprangan rame karo bani Amon; aku tumuli ngundang kowe, nanging kowe padha ora teka ngluwari aku saka ing tangane.

3. Bareng aku weruh, yen ora ana kang teka tetulung, dadine aku ngetohake nyawaku nglurugi wong bani Amon, lan Sang Yehuwah ngulungake bani Amon marang ing tanganku. Yagene kowe saiki kok padha nglurugi aku ngajak perang?”

4. Sang Yefta tumuli nglempakake sakehe wong ing Gilead, lan banjur perang nglawan Efraim, temah Efraim disorake dening wong Gilead. Awit wonge iku padha muni: “Kowe iku wong kang padha inggat-inggatan saka ing suku Efraim!” -- panggonane wong Gilead iku ana ing tengah-tengahe wong Efraim lan Manasye --

5. Wong Gilead iku padha ngejegi pasabrangane bengawan Yarden, kanggo nyegat wong Efraim. Manawa ana wong Efraim kang keplayu, nuli nembung arep nyabrang, wong Gilead tumuli padha nakoni: “Apa kowe wong Efraim?” Dene manawa mangsuli: “Dudu”,

6. banjur dikon muni: “Syibolet.” Saupama anggone ngucapake: sibolet, dadi ketara yen ora teteh pakecapane, banjur dicekel lan dipateni ana ing pasabrangane bengawan Yarden kono. Ing wektu samana wong Efraim kang dipateni ana patang puluh loro ewu.

7. Sang Yefta anggone jumeneng hakim ing Israel lawase nem taun. Sang Yefta wong Gilead banjur seda lan kasarekake ana ing salah sawijining kutha ing tanah Gilead.

Sang Ebzan

12:8-10

8. Sapengkere Sang Yefta nuli kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Ebzan, saka ing Betlehem.

9. Putrane kakung telung puluh. Putrane putri telung puluh dikramakake oleh priya taler liya lan putrane kakung telung puluh dikramakake oleh wanita saka taler liya. Panjenengane ngereh wong Israel lawase pitung taun.

10. Sang Ebzan banjur seda, lan kasarekake ana ing Betlehem.

Sang Elon

12:11-12

11. Sapengkere Sang Ebzan kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Elon, wong Zebulon. Anggone ngereh wong Israel lawase sepuluh taun.

12. Sang Elon wong Zebulon mau tumuli seda lan kasarekake ana ing Ayalon, ing tanah Zebulon.

Sang Abdon

12:13-15

13. Sapengkere Sang Elon kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Abdon bin Hilel, wong Piraton.

14. Panjenengane kagungan putra kakung patang puluh lan wayahe kakung telung puluh, kang padha nitih kuldi lanang. Anggone ngereh bangsa Israel lawase wolung taun.

15. Sang Abdon bin Hilel wong ing Piraton mau banjur seda lan kasarekake ana ing Piraton ing tanah Efraim, ing pagunungane wong Amalek.