Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 11 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Saul ngluwari Yabesy

11:1-15

1. Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon nglurugi perang lan ngadegake kemah, ngepung Yabesy-Gilead. Sakehe wong ing Yabesy banjur matur marang Sang Prabu Nahas: “Kawula aturi damel prajanjian kaliyan kawula, lan kawula badhe sumuyud dhateng panjenengan dalem.”

2. Nanging Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, paring pangandika marang wong iku: “Sarate anggonku gawe prajanjian karo kowe mangkene: saben wong mripate tengen bakal suncuplak; sarana patrap mangkono aku bakal gawe wirange sakehe wong Israel.”

3. Ature para tetuwane wong Yabesy: “Kawula nyuwun inah pitung dinten, supados kawula saged nyebar kengkenan dhateng sawewengkonipun Israel sadaya; manawi boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ngluwari kawula, kawula badhe medal asrah bongkokan dhumateng panjenengan dalem.”

4. Bareng para kongkonan tekan ing Gibea-Saul lan mratelakake prakara iku marang bangsa iku, bangsa iku nuli padha nangis kelara-lara.

5. Sang Prabu Saul lagi bae rawuh saka pategalan lan tindak nggiring sapine, tumuli ndangu: “Kena apa dene wong iku padha nangis?” Wong-wong banjur padha ngaturake pawartane wong ing Yabesy iku.

6. Bareng Sang Prabu Saul miyarsa pawarta mau, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah banjur muntab dukane.

7. Banjur mundhut sapi sarakit, ditengkel-tengkel; tengkelane diwaratakake lumantar para utusan ing sawewengkone Israel kabeh klawan piweling: “Sing sapa ora melu ndherek Sang Prabu Saul Lan Nabi Samuel, sapine bakal digawe kaya mengkene iki.” Sang Yehuwah banjur ndhatengake pagiris marang bangsa iku, temah padha bareng maju.

8. Nalika Sang Prabu Saul mriksa wadyabalane ing Bezek, tinemu ana wong Israel telung atus ewu lan wong Yehuda telung puluh ewu.

9. Para utusan iku padha dituturi mangkene: “Iki kandhakna marang para wong ing Yabesy-Gilead: Sesuk ing wayah panas-panase srengenge bakal tekane pitulungan.” Nalika para kongkonan bali lan aweh pawarta marang wong-wong Yabesy, kabeh padha bungah banget.

10. Wong ing Yabesy banjur padha matur marang Sang Prabu Nahas: “Benjing enjing kawula sami badhe ngedali asrah bongkokan; panjenengan dalem saged nandukaken dhumateng kawula, punapa kemawon ingkang panjenengan dalem galih prayogi.”

11. Esuke Sang Prabu Saul merang balane dadi telung bregada. Iku padha nrajang ing satengahe pakemahane mungsuh ing wayah esuk umun-umun lan nggecak wong Amon sadurunge awan, lan wong kang bisa oncat pating slebar, ora ana wong loro kang isih kumpul.

12. Bangsa mau nuli matur marang Nabi Samuel: “Sinten ingkang mungel: Mokal Saul bisa dadi ratu kita, kapasrahna mriki tiyangipun, badhe kula pejahi!”

13. Nanging Sang Prabu Saul ngandika: “Ing dina iki aja ana wong kang dipateni, amarga ing dina iki Sang Yehuwah wis paring pangluwaran marang Israel.”

14. Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Payo padha mangkat menyang ing Gilgal nganyarake kalenggahane ratu ana ing kana.”

15. Wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang Gilgal lan njumenengake Sang Prabu Saul dadi ratu ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal, lan ing kono padha nyaosake kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Sang Prabu Saul lan sakehing wong Israel padha suka-suka rame banget ana ing kono.