Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 7 Kitab Sutji (JAV)

1. Para wong ing Kiryat-Yearim banjur padha teka, marani pethine Sang Yehuwah iku lan diusung menyang ing omahe Abinadab kang ana ing tetengger. Lan Eleazar anake disucekake, supaya ngreksa pethine Sang Yehuwah iku.

Wong Filisti diasorake ana ing sacedhake Mizpa

7:2-14

2. Wiwit ing dina iku pethine ana ing Kiryat-Yearim, nganti watara lawas, yaiku rong puluh taun lan umat Israel padha sesambat kabeh marang Sang Yehuwah.

3. Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu. nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”

4. Wong Israel banjur padha nyingkirake para Baal lan Asytoret sarta mung ngabekti marang Sang Yehuwah.

5. Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.”

6. Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa.

7. Bareng wong Filisti padha krungu warta, yen wong Israel padha ngumpul ana ing Mizpa, para ratu-kuthane wong Filisti padha mangsah nglurugi wong Israel. Wong Israel bareng krungu bab iku, banjur padha wedi marang wong Filisti iku.

8. Wong Israel tumuli matur marang Nabi Samuel: “Sampun kendel-kendel anggen panjenengan ndongakaken kula dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados Panjenenganipun mitulungi kita saking tanganipun tiyang Filisti punika.”

9. Sawuse iku Nabi Samuel mundhut cempe suson lan dicaosake kabeh marang Sang Yehuwah kagawe kurban obaran. Lan bareng Nabi Samuel ndongakake wong Israel marang Sang Yehuwah, Sang Yehuwah nyembadani panyuwune.

10. Nalika Nabi Samuel nyaosake kurban obaran iku, wong Filisti padha mangsah perang, nglawan wong Israel. Nanging ing dina iku Sang Yehuwah ndhatengake gludhug kang swarane ngebat-ebati ing sandhuwure bangsa Filisti lan nggegerake wong-wong iku, temah padha disorake dening wong Israel.

11. Wong Israel padha metu saka Mizpa, ngoyak wong Filisti lan nggecak wong-wong iku nganti tekan ing sangisore Bet-Kar.

12. Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”

13. Mangkono wong Filisti iku ditelukake lan ora mlebu ing tlatah Israel maneh. Astane Sang Yehuwah nglawan wong Filisti sasugenge Nabi Samuel,

14. lan kutha-kutha kang dirayud dening wong Filisti wis bali marang Israel maneh, wiwit saka ing Ekron tutug ing Gat; lan wong Israel bisa ngrebut tlatah sakubenge saka ing tangane wong Filisti. Wong Israel karo wong Amori padha rukun.

Nabi Samuel jumeneng hakim

7:15-17

15. Nabi Samuel ngereh dadi hakime wong Israel sasugenge.

16. Saben taun panjenengane tindak mider-mider menyang Betel, Gilgal lan Mizpa sarta ngereh wong Israel ana ing sakehe panggonan kono iku.

17. Nuli kondur menyang ing Rama, amarga daleme ana ing kono, lan saka ing kono anggone ngereh wong Israel, lan ana ing kono panjenengane yasa misbyah kagem Sang Yehuwah.