Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 31 Kitab Sutji (JAV)

Sedane Sang Prabu Saul

31:1-13

1. Ing wektu samana wong Filisti padha perang nglawan wong Israel. Wong Israel padha keplayu saka ing ngarepe wong Filisti lan akeh kang padha kapupu ing perang ana ing pagunungan Gilboa.

2. Wong Filisti ora kendhat-kendhat anggone ngoyak Sang Prabu Saul lan para putrane, lan gawe tiwase Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul.

3. Wasana perange sangsaya ngrekasa kagem Sang Prabu Saul; para prajurit panahan kang padha methukake panjenengane, padha natoni panjenengane kalawan banget.

4. Sang Prabu Saul nuli ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Pedhangira unusen lan aku tuweken. supaya aja nganti wong ikuten iku nyuduk aku, sarta aku banjur digawe sawiyah-wiyah.” Nanging abdi kang ngampil gegaman iku mopo, amarga ora tegel. Wekasan Sang Prabu Saul mundhut pedhange, iku banjur dirungkebi.

5. Nalika abdi kang ngampil gegaman weruh, yen Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange dhewe, temah mati mbelani gustine.

6. Dadine Sang Prabu Saul lan putrane telu pisan padha seda lan abdi kang ngampil gegaman tuwin sakehing balane padha bareng tiwas ing dina iku.

7. Bareng dideleng wong Israel, kang ana ing sisih kanane lebak lan ing sabrange bengawan Yarden, yen wadyabala Israel wis padha keplayu, apadene Sang Prabu Saul dalasan putra-putrane wis padha seda, banjur padha ninggal kutha-kuthane lan padha lumayu; wong Filisti nuli padha teka lan manggon ing kono.

8. Nalika esuke wong Filisti padha teka mblejedi wong kang mati kepupu, Sang Prabu lan putrane tetelu padha pating glimpang ana ing pagunungan Gilboa.

9. Wong Filisti banjur padha nigas mustakane Sang Prabu Saul, njarah gegamane, lan banjur kongkonan wong mubeng ing nagara Filisti supaya nyebar pawarta iku menyang ing kabuyutane brahalane lan marang rakyat.

10. Wasana gegamane Sang Prabu Saul didekek ana ing kabuyutane Asytoret lan layone dipantek ana ing baluwertine kutha Bet-Sean.

11. Bareng wong-wong ing kutha Yabesy-Gilead krungu apa kang katandukake wong Filisti marang Sang Prabu Saul,

12. sakehing wong gagah prakosa padha tata-tata lan budhal bengi-bengi, njupuk layone Sang Prabu Saul tuwin putra-putrane saka baluwertine kutha Bet-Sean. Banjur bali mulih menyang Yabesy lan ngobong layon-layone ana ing kono.

13. Wong iku padha njupuki tosan-tosane lan dipetak ana ing sangisore wit esel ing Yabesy. Sawuse iku banjur padha puwasa pitung dina lawase.