Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 18 Kitab Sutji (JAV)

Dawud lan Pangeran Yonatan

18:1-5

1. Bareng wus rampung anggone Dawud munjuk marang Sang Prabu Saul, galihe Pangeran Yonatan cumanthel marang Dawud lan Pangeran Yonatan nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.

2. Ing dina iku Dawud kadhawuhan ndherek Sang Prabu Saul lan ora kepareng mulih menyang omahe wong tuwane.

3. Pangeran Yonatan nganakake prajanjian karo Dawud awit dene panjenengane anggone nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.

4. Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke.

5. Dawud mangsah perang lan tansah unggul, menyanga ngendi bae anggone kautus dening Sang Prabu Saul, mula banjur kawisudha dadi tetindhihe prajurit. Bab iku kaanggep becik dening kawula kabeh lan para punggawane Sang Prabu Saul.

Sang Prabu Saul sengit marang Sang Dawud

18:6-30

6. Nanging nalika padha mulih, sabaline Dawud saka anggone ngasorake wong Filisti iku, para wong wadon saka sakehe kutha ing Israel, padha methuk rawuhe Sang Prabu Saul karo padha sesindhenan lan jejogedan kalawan ngunekake trebang, padha suka pari suka sarta kalawan nabuh triwilah.

7. Lan wong wadon kang padha jejogedan iku padha sesindhenan saur-sauran, tembunge:“Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud puluhan ewon.”

8. Sang Prabu Saul muntab dukane luwih dening banget; tetembungan iku nuwuhake renguning galihe, amarga pangunandikane: “Marang Dawud disindhenake mateni puluhan ewon, nanging tumrap ingsun mung ewon, wekasane keprabon bakal tumiba marang dheweke.”

9. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Sang Prabu tansah sanggarunggi marang Sang Dawud.

10. Esuke roh ala kang saka ing Gusti Allah iku nganjingi Sang Prabu Saul, temah kepanjingan ana ing daleme; mangka Sang Dawud nylempung kaya ing saben dinane. Dene Sang Prabu ngasta towok.

11. Sang Prabu nlorongake towok iku, amarga panggalihe: “Dawud daktancepne ing tembok.” Nanging Sang Dawud ngendhani nganti ambal kaping pindho.

12. Sang Prabu Saul ering marang Dawud, amarga Sang Yehuwah nganthi marang Sang Dawud, mangka Panjenengane wis nilar Sang Prabu Saul.

13. Mulane Sang Prabu nebihake Sang Dawud saka ing sarirane lan misudha Sang Dawud dadi panewuning prajurit, temah Sang Dawud tansah ana ing sangareping wadya-bala.

14. Sang Dawud tansah oleh gawe ing satindake, amarga Sang Yehuwah nunggil karo panjenengane.

15. Bareng Sang Prabu mirsa, manawa Sang Dawud banget anggone tansah oleh gawe, Sang Prabu sangsaya ajrih,

16. nanging sakehing wong Israel lan Yehuda padha asih marang Sang Dawud, amarga panjenengane mimpin samobah-mosiking bala.

17. Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Iki putraningsun putri pembayun, Merab; iku bakal suntrimakake marang sira, dadi bojonira, mung bae dadia wong prawira kagem ingsun lan andona perange Sang Yehuwah.” Awit Sang Prabu nggalih: “Aja nganti tanganku kang nglawan, kareben katempuh dening tangane bangsa Filisti.”

18. Ewadene Sang Dawud munjuk marang Sang Prabu: “Kawula punika sinten ta lan sinten sanak sadherek kawula, kulawarganipun bapak kawula, ing antawisipun tiyang Israel, kok kawula ngantos dados mantuning ratu?”

19. Nanging nalika tumeka ing wektune maringake Sang Putri Merab, putra putrine Sang Prabu Saul mau, Sang Putri mau jebul diparingake marang Sang Adriel, wong ing Mehola, dadi garwane.

20. Nanging Sang Putri Mikhal, putrane putri Sang Prabu Saul, kasmaran marang Sang Dawud; nalika bab iku diunjukake marang Sang Prabu Saul, panjenengane marengake.

21. Awit Sang Prabu nggalih: “Prayoga Mikhal suntrimakake marang Dawud, supaya dadi kalajiret tumrap Dawud lan tangane wong Filisti kareben nglawan dheweke!” Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud kang kaping pindhone: “Ing dina iki sira sunpundhut mantu.”

22. Sang Prabu ndhawuhi marang para abdine: “Tutura marang Dawud kanthi sesidheman mangkene: Sayektosipun Sang Prabu punika resep dhateng panjenengan sarta para punggawanipun sami asih dhateng panjenengan; milanipun panjenengan karsaa kapundhut mantu dening Sang Prabu.”

23. Para punggawane Sang Prabu nuli ngluntakake pangandikane Sang Prabu mau marang Sang Dawud, nanging Sang Dawud mangsuli: “Dados mantunipun Sang Prabu punika panginten panjenengan punapa entheng? Kula punika rak tiyang mlarat tur tiyang alit.”

24. Punggawane Sang Prabu banjur ngaturi pirsa marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten menggah wangsulanipun Sang Dawud.”

25. Sang Prabu nuli ngandika maneh: “Tutura marang Dawud mangkene: Sang Prabu boten mundhut tumbasan, kejawi namung ikutipun tiyang Filisti satus minangka pamalesipun Sang Prabu dhateng mengsahipun.” Karsane Sang Prabu Saul tiwase Dawud lumantar wong Filisti.

26. Bareng para abdine Sang Prabu ngluntakake pangandika mau marang Sang Dawud, Sang Dawud nyaguhi dadi mantune Sang Prabu Saul.

27. Durung nganti tumeka ing wektune, nanging Sang Dawud wis samekta, banjur tindak karo wadya-balane lan mateni wong Filisti cacahe rong atus sarta ikute padha digawa ganep cacahe kabeh diaturake marang Sang Prabu, supaya Sang Dawud dadi mantune Sang Prabu. Sang Prabu Saul banjur narimakake Sang Putri Mikhal, putrane putri, dadi garwane Sang Dawud.

28. Sang Prabu Saul nuli ngretos lan mirsa yen Sang Yehuwah nganthi marang Sang Dawud lan sakehing wong Israel padha asih marang Sang Dawud.

29. Sang Prabu Saul sangsaya ering marang Sang Dawud. Sang Prabu Saul tetep dadi mungsuhe Sang Dawud ing sajege sugenge.

30. Samangsa ratune wong Filisti mangsah perang, saben padha mangsah perang, Sang Dawud mesthi oleh gawe ngungkuli para punggawane Sang Prabu Saul kabeh, temah asmane banjur misuwur banget.