Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 3 Kitab Sutji (JAV)

Wong ceko kawarasake ing dina Sabat

3:1-6

1. Sawuse iku Gusti Yesus rawuh ing papan pangibadah maneh. Ing kono ana wong kang tangane ceko sasisih.

2. Wong-wong padha ngulatake, apa bakal marasake wong iku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakan kanggo nglapurake Panjenengane.

3. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!”

4. Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.

5. Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.

6. Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengane.

Wong pirang-pirang padha kawaluyakake

3:7-12

7. Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea

8. saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.

9. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.

10. Mulane mangkono, awit wis akeh wong kang diwarasake, satemah wong kang padha nandhang lelara padha suk-sukan mau arep ndemek Panjenengane.

11. Para dhemit kang padha ndeleng Panjenengane, padha sujud ana ing ngarsane karo bengok-bengkok, “Paduka punika Putranipun Allah!”

12. nanging padha dilarang wanti-wanti, ora diparengake martakake bab sapa ta Panjenengane iku.

Gusti Yesus miji rasul rolas

3:13-19

13. Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.

14. Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil

15. sarta kang diparingi panguwasa nundhung setan.

16. Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus,

17. Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug,

18. nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot,

19. lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Panjenengane.

Gusti Yesus lan Beelzebul

3:20-30

20. Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijining omah, banjur ana wong akeh kang padha sowan maneh, padha kumrubut, nganti mangan bae padha ora bisa.

21. Bareng kulawangsane padha krungu, banjur padha teka arep nyekel Panjenengane, amarga padha ngarani Panjenengane gerah gingsir.

22. Dene para ahli Toret kang teka saka Yerusalem padha pratela: “Dheweke kapanjingan Beelzebul, lan nundhungi setan demi panggedhening setan.”

23. Wong-wong mau banjur padha katimbalan lan dipangandikani kanthi pasemon: “Kapriye, apa setan bisa nundhung setan?

24. Manawa ana karajan, kang kawulane padha crah, karajan mau ora bisa tulus

25. lan manawa ana brayat, kang wargane padha crah, brayat iku ora bisa lestari.

26. Mangkono uga manawa Iblis brontak nglawan awake dhewe lan manawa dheweke kabage-bage, ora bakal bisa lestari, nanging mesthi malah wis tekan ing wekasane.

27. Ora ana wong kang bisa lumebu omahe wong rosa lan njarah rayah barang darbeke, manawa wong kang rosa mau ora ditalikung dhisik. Sawise mangkono lagi bisa njarah rayah omahe.

28. Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.

29. Nanging wong kang ngala-ala marang Sang Roh Suci, ora bakal oleh pangapura salawas-lawase, jalaran kaluputan anggone nindakake dosa kang langgeng.”

30. Panjenengane ngandika mangkono iku, jalaran wong-wong mau padha ngarani Panjenengane kapanjingan dhemit.

Gusti Yesus lan kulawargane

3:31-35

31. Kacarita ingkang ibu lan para sadhereke padha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonan ngaturi Panjenengane.

32. Panjenengane lagi lenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong iku padha matur: “Lah punika ingkang ibu sarta para sadherek paduka wonten ing jawi, sami badhe pinanggih kaliyan Paduka.”

33. Paring wangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lan sadulur-dulurKu?”

34. Panjenengane mirsani wong-wong kang padha linggih ngupengi Panjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!

35. Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”