Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 4 Kitab Sutji (JAV)

Pasemon juru nyebar

4:1-20

1. Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, mulane Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabeh padha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.

2. Banjur padha diparingi piwulang bab prakara akeh kalawan pasemon. Anggone mulang pangandikane mangkene:

3. “Padha rungokna! Ana juru nyebar metu nyebar wiji.

4. Anggone nyebar mau ana kang tumiba ing pinggir dalan, nuli ana manuk kang padha teka nucuki wiji-wiji mau nganti entek.

5. Ana kang tumiba ing lembah kang akeh watune, lemahe mung sathithik. Wijine enggal tuhukul, amarga lemahe tipis.

6. Nanging bareng srengengene saya dhuwur, banjur alum lan dadi garing amarga ora ana oyode.

7. Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhe, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe.

8. Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”

9. Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”

10. Nalika Panjenengane piyambakan, para pandhereke lan para sakabate rolas padha nyuwun katrangan bab pasemon mau.

11. Paring wangsulane, “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,

12. supaya:Sanadyan ndeleng, ora weruh,sanadyan krungu, ora ngreti,supaya aja padha mratobat lan oleh pangapura.”

13. Tumuli ngandika marang wong-won mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngreti pasemon-pasemon liyane kabeh?

14. Juru nyebar iku nyebar pangandika.

15. Wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika, nanging Iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine.

16. Mangkono uga kang disebar ing tanah kang akeh watune, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika mau lan enggal-enggal nampani kanthi seneng.

17. Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.

18. Dene sejene yaiku kang kasebar ing eren, iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandika,

19. nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

20. Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokake sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”

Pasemon bab damar lan ukuran

4:21-25

21. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Wong nggawa damar iku ora banjur dikurebi tompo utawa didokok ing longan, nanging banjur ditumpangake ing jodhog.

22. Sabab ora ana barang kang kasidhem, kang ora bakal kalairake, lan ora ana barang kang winadi kang ora bakal kawiyak.

23. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake iku ngrungokna!”

24. Banjur ngandika maneh, “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.

25. Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi, dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakal kapunduhut.”

Pasemon bab wiji kang thukul

4:26-29

26. Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,

27. nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.

28. Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.

29. Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panen.”

Pasemon bab wiji sawi

4:30-34

30. Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?

31. Kraton iku upamane kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.

32. Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane, sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.”

33. Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene,

34. lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.

Gusti nyirep prahara

4:35-41

35. Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang.”

36. Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.

37. Tumuli ana prahara gedhe, lan ombake nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti praune meh kebak banyu.

38. Dene Gusti Yesus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhe tiwas?”

39. Panjenengane banjur wungu, angine didukani, lan ngandika marang sagara: “Menenga lan dadia anteng!” Angine nuli mendha lan sagarane dadi anteng maneh.

40. Banjur ngandika marang para sakabate: “Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagene kowe ora padha pracaya?”

41. Wong-wong mau padha dadi wedi banget lan padha guneman: “Sapa ta Panjenengane iku, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe?”