Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 5 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus nundhung dhemit ana ing Gerasa

5:1-20

1. Sawuse mangkono banjur wis padha tekan ing sabranging sagara, ing tanahe wong Gerasa.

2. Lagi bae mandhap saka ing prau, Gusti Yesus disowani ing wong kapanjingan dhemit saka ing pakuburan.

3. Wong mau manggon ana ing kono lan wis ora ana wong siji-sijia maneh kang saguh mbanda dheweke, sanadyan nganggo rante,

4. amarga wis kerep dibanda lan dirante, nanging rantene dipedhot lan blengguning sikil dirucat, temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawe tutute.

5. Rina wengi wong mau klambarangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awake dhewe, nganggo watu.

6. Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,

7. lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”

8. Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”

9. Wasana panjenengane banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Nama kawula Legion, jalaran cacah kawula kathah sanget.”

10. Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemite aja ditundhung saka wewengkon kono.

11. Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akeh banget kang pinuju golek pangan.

12. Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengane, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhe kawula lebeti.”

13. Gusti Yesus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono.

14. Pangon-pangone babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakake lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon iku.

15. Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.

16. Wong-wong kang padha nyumurupi dhewe lelakon mau padha nyritakake marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau.

17. Wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yesus, supaya Panjenengane nilar wewengkone.

18. Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.

19. Nanging Gusti Yesus ora marengake, pangandikane marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabeh apa kang wis katindakake dening Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan dening Allah.”

20. Wong mau iya banjur mangkat lan wiwit martak-martakake ana ing wewengkon Dekapolis apa kang wis ditindakake dening Gusti Yesus tumrap dheweke; wong-wong padha eram kabeh.

Gusti Yesus nangekake anake Yairus lan nyarasake wong wadon kang lara nggrajag getih

5:21-43

21. Sawise Gusti Yesus nyabrang maneh kalawan nitih prau banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ing ngarsane ana ing pinggir sagara,

22. tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan in ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sujud

23. lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujen lan lestantun gesang.”

24. Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.

25. Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun.

26. Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-pirang, nganti kabeh barang darbeke entek, nanging ora bisa waras, malah kosokbaline, larane saya banget.

27. Dheweke wis krungu pawarta bab Gusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndhesel ing satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan ndemek jubahe.

28. Sabab pamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahe bae, aku mesthi mari.”

29. padha sanalika anggone nggrajag getih mampet lan krasa yen awake wis waras, larane wis mari.

30. ing sanalika iku uga Gusti Yesus mangretos, yen ana daya kang metu saka ing sarirane, banjur mengo ana ing satengahe wong akeh ikusarta ndangu, “Sapa sing ndemok jubahku?”

31. Para sakabat padha munjuk: “Paduka mirsa anggenipun tiyang-tiyang sami suk-sukan ing sacelak Paduka, lah kok ndangu: Sapa sing ndemok Aku?”

32. Panjenengane banjur mirsani mubeng, karsa nguningani sapa kang tumindak mangkono.

33. Wong wadon mau sarehne nyumurupi apa kang kalakon tumrap ing dheweke dadine banjur wedi, mulane tumuli maju lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta munjuk sablakane.

34. Pangandikane marang wong wadon iku, “He, ngger, pangandelmu kang mitulungi kowe. Wis mundura kanthi tentrem rahayu, lan lestraia marine lelaramu iku.”

35. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana wong saka ing omahe lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?”

36. Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”

37. Sawise mangkono ora ana wong siji bae kang diparengake ndherek, kajaba Petrus, Yakobus lan Yokanan, sadulure Yakobus.

38. Bareng wis padha tekan ing omahe lurah papan pangibadah, padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan padha sesambat kanthi suwara sora.

39. Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”

40. Nanging wong-wong padha nggeguyu.Kabeh wong banjur padha didhawuhi metu, banjur nimbali bapa biyunge bocah mau lan kang padha ndherek, sarta lumebet ing kamare bocah mau.

41. Tangane bocah nuli kaasta kalawan ngandika: “Talita kum,” tegese: “He, ngger, kowe Dakkandhani, tangia!”

42. Sanalika iku uga bocahe tangi, ngadeg sarta lumaku, sabab umure wis rolas taun. Kabeh wong kang ana ing kono padha kaeraman.

43. Banjur padha diparingi piweling wanti-wanti, aja nganti ana wong kang ngreti bab iku, tumuli dhawuh menehi mangan bocah mau.