Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”

Gusti kamulyakake ana ing gunung

9:2-13

2. Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.

3. Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.

4. Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.

5. Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

6. Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.

7. Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”

8. Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.

9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.

10. Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.

11. Banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene para ahli Toret kok mratelakaken, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?

13. Nanging Aku pitutur ing kowe: Nabi Elia iku pancen wis rawuh, lan banjur digawe sawenang-wenang, cocog karo apa kang wis katulis tumrap panjenengane.”

Gusti Yesus nyarasake bocah kang kapanjingan dhemit

9:14-29

14. Bareng wis padha bali ing panggonane para sakabat liyane, padha ndeleng wong akeh padha ngrubung sakabat-sakabat mau lan ahli Toret sawatara, kang padha diya-diniya karo sakabat-sakabat iku.

15. Wong akeh iku bareng weruh Gusti Yesus, padha gumun lan banjur enggal-enggal padha methuk.

16. Gusti Yesus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Kowe iku padha udur bab apa?”

17. Wong akeh mau banjur ana siji kang matur: “Guru, anak kula kula sowanaken dhateng Panjenengan, jalaran kapanjingan dhemit ingkang damel bisunipun.

18. Saben-saben dhemit punika nyandhak anak kula, lajeng dipun banting ing siti, cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami boten saged.”

19. Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”

20. Bocahe banjur diaturake. Bareng roh mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjur dieweng-eweng, ditibakake ing lemah lan banjur gulung, cangkeme muruh.

21. Gusti Yesus banjur ndangu marang bapakne bocah mau: “Wis pira lawase anggonne kataman mangkene iki?” Atur wangsulane: “Sampun wiwit alit mila.

22. Sarta asring dipun dhawahaken ing latu utawi wonten ing toya, badhe dipun sirnakaken. Awit saking punika, manawi Panjenengan saged, karsaa paring piwelas dhateng kula.”

23. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”

24. Bapakne bocah mau banjur matur sora: “Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”

25. Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”

26. Dhemite banjur metu karo jerit-jerit, bocahe dieweng-eweng sakatoge, nganti katon kaya bocah mati, malah akeh wong kang alok: “Bocahe wis mati.”

27. Gusti Yesus nuli ngasta tangane bocah mau, diadegake, banjur ngadeg.

28. Nalika Gusti Yesus wis lumebet ing sawijining omah, lan mung kaadhep dening para sakabate thok, para sakabat mau matur pitakon, “Punapaa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Jinis iki ora bisa ditundhung kajaba mung sarana pandonga.”

Gusti Yesus paring sumurup kang kaping pindhone bab anggone bakal nandhang sangsara

9:30-32

30. Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesus aja ana wong kang weruh,

31. amarga lagi paring piwulang marang para sakabate, pangandikane: “Putrane Manungsa bakal kaulungake marang tangane wong, bakal disedani, nanging sawise disedani, ing telung dinane bakal wungu maneh.”

32. Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.

Bab sapa kang dhuwur dhewe

9:33-37

33. Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yesus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembung ana ing dalan mau?”

34. Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ing antarane para sakabat iku.

35. Gusti Yesus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani mangkene: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.”

36. Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik, diadegake ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat:

37. “Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampaani, nanging kang ngutus Aku.”

Kang ora nyulayani iku ngrojongi

9:38-41

38. Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes golongan kawula, nundhung setan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanes golongan kawula sadadya.”

39. Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakake mukjijat atas jenengKu, banjur ngala-ala Aku.

40. Sing sapa ora nyulayani kita dadi ngrojongi kita.

41. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.”

Bab sesandhungan

9:42-50

42. “Sing sapa dadi sandhungan tumrap para cilik kang padha pracaya iki, iku luwih becik manawa dikalungana watu panggilingan lan dicemplungna ing sagara.

43. Sarta manawa tanganmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, amarga luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang ganep tanganmu nanging dibuwang menyang ing naraka, ing geni kang ora kena disirep; [

44. kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine.]

45. Lan manawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, awit luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang karo ganep sikilmu, nanging kacemplungake ing naraka; [

46. kang singgate oar mati, lan ora kasirep genine.]

47. Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,

48. kang singgate ora mati lan genine ora kasirep.

49. Awit saben wong bakal dibumboni geni.

50. Uyah iku pancen gedhe paedahe, nanging manawa ilang asine, kang kagawe mulihake rasane apa?Kowe padha tansah duwea uyah ana ing batinmu lan padha tansah rukuna.”