Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14 Kitab Sutji (JAV)

Ngrantam nyedani Gusti Yesus

14:1-2

1. Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan

2. sabab tembunge: “Aja ing wektu riyaya, supaya ora nggegerake wong akeh.”

Gusti Yesus dhahar ana ing desa Betania sarta kajebadan dening Maryam

14:3-9

3. Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon Budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah, lengane banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus.

4. Pratingkah mangkono iku ndadekake muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yagene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono?

5. Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakake marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni.

6. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.

7. Sabab wong miskin iku salawase ana ing kowe, kowe bisa mitulungi sawanci-wanci, nanging Aku ora bakal salawase ana ing kowe.

8. Wong iku wus nindakake apa kang bisa ditindakake. SariraKu wus dijebadi minangka pacawisan tumrap anggonKu bakal kasarekake.

9. Aku pitutur marang kowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injil kawartakake ing saindenging jagad iki, apa kang ditindakake iku iya bakal kacaritakake minangka pangeling-eling marang dheweke.”

Yudas arep ngloropake Gusti Yesus

14:10-11

10. Sawuse mangkono, Yudas Iskariot, kang kagolong sakabat rolas, lunga nemoni para pangareping imam arep ngulungake Gusti Yesus.

11. Iku bareng krungu padha bungah sarta janji bakal ngopahi dhuwit dheweke. Yudas banjur golek dalan kang prayoga bisane ngulungake Gusti Yesus.

Bujana Paskah kang wekasan

14:12-21

12. Nalika dina kapisan ing riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina panyembelehing wedhus Paskah, para sakabate Gusti Yesus padha matur: “Karsa Paduka, kawula sami kadhawuhan cecawis Paskah kagem Paduka wonten ing pundi?”

13. Gusti Yesus banjur ngutus sakabat loro kalawan dipangandikani mangkene: “Padha menyanga kutha; ana ing kana kowe bakal kapethuk karo wong ngindhit jun isi banyu. Iku etutna,

14. lan kandhaa marang wong kang duwe omah, kang dileboni wong mau: Piwelingipun Guru: Endi kamar kang dicawisake, kang bakal Dakanggo dhahar Paskah karo para sakabatKu?

15. Wong mau banjur bakal nuduhake kamar kang jembar ana ing loteng, kang wis katata miranti. Padha nyawisna Paskah ana ing kono kanggo aku kabeh!”

16. Karone banjur padha mangkat lan satekane ing kutha, tinemune iya kaya kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus. Banjur padha nyawisake Paskah.

17. Bareng sore Gusti Yesus rawuh ing kono kadherekake sakabate rolas.

18. nalika padha linggih mangan, Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur ing kowe: satemene ana panunggalanmu siji kang bakal ngulungake Aku, yaiku kang ndherek dhahar Aku.”

19. Kabeh banjur padha sedhih atine, lan padha matur genti-genti: “Rak sanes kawula ta, Gusti?”

20. Paring wangsulane: “Wong iku salah sawijining panunggalamu rolas iki, kang nyelupake roti ing pinggan karo Aku.

21. Putraning Manungsa pancen bakal jengkar ngetrepi apa kang wis katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning manungsa kaulungake. Luwih becik, saupama wong iku ora lair.”

Gusti Yesus netepake pranatan Bujana Suci

14:22-25

22. Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjur mundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat, kalawan ngandika: “Padha tampanana, iki sariraKu.”

23. Sawise mangkono, Gusti Yesus banjur mundhut tuwung, lan sawise saos sokur tuwung nuli diparingake marang para sakabat. Kabeh banjur padha ngombe saka ing tuwung mau.

24. Pangandikane Gusti Yesus: “Iki getihKu, getihing prajanjian, kang diwutahake kanggo wong akeh.

25. Aku pitutur marang kowe: Satemene Aku ora bakal ngombe maneh saka pametune wit anggur, nganti tumeka dinane Aku bakal ngombe kang anyar ana ing Kratoning Allah.”

Gusti Yesus paring sumurup bab anggone para sakabat bakal padha nyingkur Panjenengene.

14:26-31

26. Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha menyang ing gunung Zaitun.

27. Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar.

28. Nanging sawise Aku katangekake, Aku bakal ndhisiki kowe menyang ing tanah Galilea.”

29. Petrus banjur munjuk: “Sanadyan sadaya sami kacuwan, kawula temtu boten.”

30. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.”

31. Nanging Petrus saya nemen anggone munjuk: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Liya-liyane iya padha munjuk mangkono.

Ana ing taman Getsemani

14:32-42

32. Bareng padha tekan ing panggonan kang aran Getsemane, Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Padha linggiha ana ing kene, sajrone Aku ndedonga.”

33. Petrus, Yakobus lan Yokanan padha kadhawuhan ndherek. Panjenengane kraos ajrih banget lan gumeter,

34. banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasane nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.”

35. Panjenengane banjur mlampah sawatara tindak, nuli sumungkem ing bumi sarta ndedonga, manawa pancen diparengake, muga wektu iku sumingkira saka ing Panjenengane.

36. Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”

37. Sawise mangkono Panjenengane banjur wangsul, katelune padha katemu turu. Nuli ngandika marang Petrus: “Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?

38. Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”

39. Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.

40. Bareng wangsul, para sakabate lagi padha turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padha ngreti kudu ngaturake wangsulan kapriye marang Panjenengane.

41. Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wancine, delengen, Putraning Manungsa diulungake marang tangane para wong dosa.

42. Tangia, ayo padha lunga, sing ngulungake Aku wis cedhak.”

Gusti Yesus dicepeng

14:43-52

43. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas kang dadi panunggalane sakabat rolas, dumadakan teka bebarengan karo wong sagrombolan kang padha asikep pedhang lan penthung, yaiku utusane para pangareping imam, ahli Toret lan para pinituwa.

44. Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”

45. Bareng wis tekan ing kono Yudas banjur marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.

46. Wong-wong mau banjur padha ngebyuk nyekel Gusti Yesus.

47. Salah sawijining wong kang ana ing kono ngunus pedhange lan banjur disabetake marang abdining Imam Agung, temah perung kupinge.

48. Gusti yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha mrene nyekel Aku kanthi asikep gegaman pedhang lan penthung?

49. Mangka saben dina Aku ana ing satengahmu, memulang ana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel. Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudu kayektenan.”

50. Para sakabat banjur padha lumayu, ninggal Panjenengane.

51. Nalika samana ana wong nom-noman ndherekake Gusti Yesus, kang mung kemul lawon, iku iya arep dicekel,

52. nanging tumuli ninggal lawone, lumayu wuda.

Gusti Yesus ana ing ngarepe pradata Yahudi

14:53-65

53. Gusti Yesus banjur kadhabyang menyang ing daleme Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Toret padha nglumpuk ana ing kono.

54. Kacrita Petrus ngodhol marang Gusti Yesus nganti tekan ing plataraning Imam Agung, banjur linggih awor para abdi, karo api-api.

55. Para pangareping imam, malah sapepake pradata, padha golek paseksen kang kanggo nggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh.

56. Akeh wong kang padha ngaturake paseksen palsu, nanging siji lan sijine ora bisa gathuk.

57. Banjur ana wong sawatara kang ngaturake paseksen rerekan, nglawan Gusti Yesus kalawan pandakwa mangkene:

58. “Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Padaleman Suci gaweaning manungsa iki arep Dakrubuhake, lan sajroning telung dina aku bakal ngadegake liyane, kang dudu gaweaning manungsa.”

59. Paseksen iki uga cengkah karo paseksen liyane.

60. Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan nuli ndangu marang Gusti Yesus: “Apa Kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwaning seksi-seksi marang Kowe iku?”

61. Nanging Gusti Yesus kendel bae, ora maringi wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu maneh marang Panjenengane: “Apa Kowe Sang Kristus, Putraning Kang Mahapinuji?”

62. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lan kowe kabeh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”

63. Imam Agung banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngandika: “Apa prelune isih nganggo seksi maneh?

64. Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang panjenengan?” Wong-wong kabeh padha sarujuk, yen Panjenengane kudu diukum pati.

65. Banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemi karo kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!” Dalasan para abdi iya padha napuki.

Petrus nyelaki Gusti Yesus

14:66-72

66. Nalika iku Petrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdine Imam Agung, kan teka,

67. lan bareng weruh Petrus api-api, ditamatake raine, banjur alok: “Sampeyan niku enggih melu Yesus, tiyang Nasaret niku.”

68. Nanging Petrus selak, wangsulane: “Kula boten ngreti sing mang karepake niku.” Petrus banjur menyang ing pandhapa.

69. Bareng wong wadon mau weruh Petrus maneh, banjur kandha-kandha marang wong-wong kang ana ing kono: “Tiyang niki enggih tunggale nika.”

70. Nanging Petrus selak maneh. Ora let suwe wong-wong kang ana ing kono padha calathu marang Petrus: “Sampeyan niku genah tunggale, napa malih sampeyan tiyang Galilea!”

71. Ing kono Petrus banjur wiwit nyupatani lan sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang sing mang kandhakake niku!”

72. Nalika iku jago tumuli kluruk kaping pindhone. Petrus banjur kelingan marang pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.” Banjur nangis senggruk-senggruk.