Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 13 Kitab Sutji (JAV)

Bab rusake Padaleman Suci

13:1-2

1. Nalika Gusti Yesus jengkar saka ing Padaleman Suci, ana sawijining sakabat kang matur: “Guru, cobi mirsanana kekahipun sela-sela punika saha endahipun yeyasan punika!”

2. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”

Wiwitane sangsara

13:3-13

3. Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhewekan marang Panjenengane:

4. “Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kelampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhe dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhe kelampahan?”

5. Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!

6. Bakal akeh wong kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki, sarta bakal nasarake wong pirang-pirang.

7. Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane.

8. Awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabeh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepake jaman anyar.

9. Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.

10. Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa.

11. Dene manawa kowe diirid diladekake, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingake marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci.

12. Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.

13. Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”

Bab sangsara gedhe lan kristus-kristus palsu

13:14-23

14. “Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine -- sing padha maca padha migatekna -- wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.

15. Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka ing omahe

16. lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane.

17. Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku.

18. padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing.

19. Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.

20. Lan saupama Pangeran ora ngungkret wektune, ora ana kumelip kang lestari slamet; nanging amarga saka para pepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran, wektune kaungkret.

21. Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel.

22. Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.

23. Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabeh wis Daktuturake marang kowe.”

Rawuhe Putraning Manungsa

13:24-32

24. “Ananging ing wektu iku, sawise kasangsaran mau kalakon, srengenge bakal dadi peteng lan rembulan ora bakal samunar

25. sarta lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, apadene pikukuhing langit bakal padha gonjing.

26. Ing nalika iku wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih mega kalawan ngagem sakabehing panguwasa lan kamulyane.

27. Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.

28. Padha methika piwulang saka ing pasemon bab wit anjir. Samangsa pangpange wiwit memes lan semi, iku kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.

29. Mangkono uga, manawa kowe padha sumurup sakabehing kadadean mau, padha ngretia, yen wis cedhak, wis ana in ngarep lawang.

30. Aku pitutur marang kowe: Sanyatane jinis iki ora bakal sirna sadurunge iku mau kabeh kalakon.

31. langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna.

32. Nanging mungguh dinane lan wayahe, iku ora ana wong kang sumurup, para malaekat ing swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama.”

Piwulang bab jumaga

13:33-37

33. “Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.

34. Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.

35. Mulane padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.

36. iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.

37. Apa kang wis Dakpangandikakake marang kowe, iku Dakwarahake marang sakabehing wong: Padha meleka!”