Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 2 Kitab Sutji (JAV)

Riyaya Pentekosta. Tumedhake Sang Roh Suci

2:1-13

1. Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.

2. Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,

3. banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.

4. Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.

5. Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.

6. Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau.

7. Kabeh padha njenger kaeraman, banjur padha calathu: “Apa sing padha caturan iku dudu wong Galilea?

8. Kapriye dene kita dhewe-dhewe padha krungu anggone caturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita:

9. kita iki wong Partia, Media, Elam, kang padha manggon ing Mesopotamia, Yudea lan Kapadhokia, Pontus lan Asia,

10. Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanah Libia kang cedhak karo Kirene, wong-wong neneka saka ing nagara Rum,

11. iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”

12. Kabeh padha kaeraman sarta bingung lan padha sapocapan mangkene:

13. “Apa ta tegese iki?” Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”

Kotbahe Rasul Petrus

2:14-36

14. Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para kanthine sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau: “Para sadherek Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken atur kula.

15. Tiyang-tiyang punika boten sami mendem, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga.

16. Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah lumantar Nabi Yoel makaten:

17. Besuk ing dina-dina kang wekasan-- mangkono pangandikaning Allah --Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa;anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit,lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu,sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen.

18. Uga para abdiningSun lanang lan wadonbakal Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku,lan bakal padha medhar wangsit.

19. Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-mukjijat ana ing dhuwur, ana ing langitlan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi:getih lan geni sarta kumeluning pega.

20. Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhetlan rembulan bakal dadi getihsadurunge dinaning Pangeran kang agung lan luhur iku teka.

21. Anadene saben wong kang nyebut asmaning Pangeran iku bakal kapitulungan rahayu.

22. Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.

23. Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.

24. Nanging lajeng kawungokaken dening Gusti Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi boten badhe Panjenenganipun lestantun kawengku dening panguwaosing pejah punika.

25. Awit Sang Prabu Dawud ngandika ing bab Panjenenganipun makaten:Aku tansah mandeng marang Pangeran,amarga Panjenengane jumeneng ing tengenku,satemah aku ora keguh.

26. Mulane atiku asukarena lan jiwaku asurak-surak;malah badanku bakal lerem kalawan tentrem,

27. amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng jagadipun tiyang pejah,sarta boten negakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak.

28. Paduka paring sumerep dhateng kawula bab margining gesang;Paduka badhe ngluberaken kabingahan dhateng kawulawonten ing pangayunan Paduka.

29. Para sadherek, kula keparenga matur dhateng panjenengan sadaya kalayan ngeblak bab Sang Prabu Dawud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun seda saha kasarekaken, saha pasareanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten.

30. Nanging panjenenganipun punika satunggaling nabi saha mirsa, bilih Gusti Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Gusti Allah badhe nglenggahaken satunggaling tedhakipun Sang Prabu Dawud piyambak wonten ing dhamparipun.

31. Margi saking punika panjenenganipun uninga saderengipun saha ngandika bab wungunipun Sang Mesih, inggih punika nalika ngandika, bilih panjenenganipun boten dipun tegakaken wonten ing jagadipun tiyang pejah, saha bilih sariranipun boten badhe risak.

32. Inggih Gusti Yesus punika ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, saha bab punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun.

33. Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.

34. Amargi sanes Sang Prabu Dawud ingkang minggah dhateng swarga, malah Sang Prabu Dawud piyambak ngandika makaten:Pangeran wus ngandika marang Gustiku:

35. Sira lenggaha ing satengeningSun, nganti tumeka mungsuhira kabeh wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.

36. Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”

Tumangkare Pasamuwan

2:37-41

37. Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”

38. Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.

39. Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”

40. Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”

41. Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu.

Kaanane pasamuwan wiwitan

2:42-47

42. Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan anggone tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.

43. Wong kabeh padha kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake mukjijat lan pratandha akeh.

44. Sarta kabeh wong kang pracaya padha lestari manunggal, kabeh barang darbeke padha dianggep duweke wong akeh.

45. Apadene tansah ana panunggalane kang ngedol barang darbeke, banjur diedum-edumake marang wong kabeh, mawa-mawa kabutuhane.

46. Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,

47. kambi memuji marang Gusti Allah, apadene padha disenengi ing wong sabangsa kabeh. Sarta maneh ing saben dinane cacahe diwuwuhi dening Gusti wong kang padha kapitulungan rahayu.