Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 23 Kitab Sutji (JAV)

1. Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.”

2. Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus.

3. Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.”

4. Wong-wong kang padha ana ing kono calathu: “Kowe iku nyenyamah marang Imam-Agunging Allah!”

5. Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!”

6. Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”

7. Bareng panjenengane ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha dredah satemah wong akeh banjur pecah dadi rong golongan.

8. Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yen patangen iku ora ana lan iya ora ana malaekat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-lorone.

9. Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”

10. Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.

11. Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”

Wong-wong Yahudi padha komplotan

23:12-22

12. Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.

13. Gunggunge wong kang padha komplotan iku patang puluh luwih.

14. Iku padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwane bangsa Yahudi lan pratela: “Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, boten badhe nedha utawi ngombe saderengipun mejahi Paulus.

15. Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”

16. Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane kang rayine putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang beteng. Bareng wis diparengake mlebu, nuli matur bab mau marang Rasul Paulus.

17. Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”

18. Opsir iku banjur nyowanake bocah mau menyang ing ngarsane panggedhening prajurit lan matur: “Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken lare anem punika dhateng ing ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan.”

19. Panggedhening prajurit mau banjur nganthi bocahe diajak mangiwa, nuli didangu: “Apa kang arep koklapurake marang aku?”

20. Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun.

21. Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang smapun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalawan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”

22. Panggedhe prajurit banjur dhawuh marang bocah anom mau supaya mulih kalawan dipangandikani mangkene: “Kowe aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yen kowe wis nglapurake bab iki marang aku.”

Rasul Paulus kapindhah menyang ing kutha Kaisarea

23:23-35

23. Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.

24. Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, iku sowanna marang ngarsane Sang Walinagara Feliks.”

25. Nuli damel serat, kang surasane mangkene:

26. “Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks.

27. Tiyang punika dipun cepeng dening tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhe dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Rum.

28. Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun.

29. Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandawanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Toretipun tiyang-tiyang wau, namung kemawon boten wonten pandakwa ingkang njalari kenging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran.

30. Salajengipun kula tampi palapuran, bilih wonten komplotan ingkang badhe mejahi piyambakipun. Awit saking punika kula lajeng enggal-enggal kengkenan nyowanaken piyambakipun dhateng ing ngarsa panjenengan. Wondene para ingkang sami ndakwa sampun sami kula ken, supados sami ngajengaken prakawis punika dhateng panjenengan.”

31. Para prajurit banjur padha nindakake kaya kang kadhawuhake. Rasul Paulus ing wektu bengi digawa menyang ing kutha Antipatris.

32. Esuke para prajurit jaranan padha dikon mbacutake lakune karo Rasul Paulus, dene liyane padha bali menyang beteng.

33. Satekane ing kutha Kaisarea, para prajurit jaranan ngaturake layange lan masrahake Rasul Paulus marang walinagara.

34. Bareng wis maos layang mau, walinagara nuli ndangu marang Rasul Paulus, asale saka ing propinsi ngendi. Bareng mireng, yen Rasul Paulus saka ing tanah Kilikia,

35. banjur ngandika: “Aku bakal mriksa prakaramu, yen wong sing padha ndakwa marang kowe wis teka ing kene.” Banjur dhawuh, supaya Rasul Paulus ditahan ana ing kratone Sang Prabu Herodhes.