Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 10 Kitab Sutji (JAV)

Crita bab Kornelius ing Kaisarea lan Petrus.

10:1-8

1. Ing Kaisarea aan wong aran Kornelius, opsir penatus ing pasukan kang diarani pasukan Itali,

2. wong mursid kang ngabekti marnag Gusti Allah dalah sabrayate kabeh, sarta kang akeh danane marang umat Yahudi tuwin kang tansah ndedonga marang Gusti Allah.

3. Watara jam telu awan Kornelius ing sajroning wahyu sumurup kalawan cetha ana sawijining malaekating Allah kang lumebet ing omahe lan mangandikani: “Kornelius!”

4. Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.

5. Dene saiki kongkonana wong sawatara menyang ing Yope, methuk wong aran Simon, kang apeparab Petrus.

6. Iku mondhok ana ing omahe tukang samak, sing jeneng Simon, kang ana ing pinggir sagara.”

7. Sapengkere malaekat kang mangandikani mangkono mau, Kornelius banjur ngundang bature loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalane kang tansah tetunggalan kalawan dheweke,

8. sarta sawise diwenehi katrangan bab sakabehe, nuli padha dikongkon menyang ing Yope.

Rasul Petrus kaparingan wahyu

10:9-16

9. Esuke nalika kongkonan mau isih padha ana ing dalan lan wis cedhak karo kutha, watara jam rolas awan, Rasul Petrus minggah ing payon arep ndedonga.

10. Banjur kraos luwe lan kapengin dhahar, nanging nalika dhaharan lagi dicawisake, dumadakan rohe kalimputan ing panguwasaning Allah,

11. panjenengane mirsa langit piyak sarta banjur ana barang kang awujud lawon amba, poncote papat katalenan, kang kaudhunake menyang ing lemah.

12. Lawon mau isi sawarnaning kewan kang asikil papat, kewan kang rumangkang sarta manuk.

13. Tumuli ana swara kapireng kang dhawuh: “Ngadega, heh, Petrus, nyembeleha lan mangana!”

14. Nanging Petrus munjuk: “Boten Gusti, boten, sabab kawula dereng nate nedha punapa-punapa ingkang karam saha najis.”

15. Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone kang dhawuh: “Apa kang wus kapangandikakake kalal dening Gusti Allah, aja kokarani karam.”

16. Bab iku nganti kalakon kaping telu lan sawise iku lawon mau banjur kaunggahake marang ing langit maneh.

Rasul Petrus nampeni kongkonane Kornelius

10:17-23

17. Nalika Rasul Petrus lagi kodheng ing bab maknaning wahyu, kang mentas ditampeni mau, wong-wong kang dikongkon dening Kornelius, sawise takon-takon bab dalem pamondhokane Rasul Petrus, wis ana ing ngarep regol,

18. sarta banjur nyeluk sawijining wong lan takon, apa Rama Simon kang apeparab Petrus lereb ana ing kono.

19. Nalika Rasul Petrus isih nggalih bab wahyu mau, banjur dipangandikani dening Roh: “Lah ana wong loro nggoleki sira,

20. mulane ngadega, mudhuna lan mangkata bebarengan karo wong-wong iku, aja mangu-mangu, sabab Ingsun kang ngutus mrene.”

21. Rasul Petrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau: “Iya aku iki kang kokgoleki; apa karepmu mrene?”

22. Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”

23. Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono.Esuke sawise wungu Rasul Petrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong ing Yope sawatara kang ndherekake.

Rasul Petrus lan Kornelius

10:24-33

24. Esuke maneh tindake wis rawuh ing Kaisarea, Kornelius wus ngenteni lan wus ngulemi sanak sadulure lan para mitrane.

25. Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah, Kornelius methuk kambi sumungkem ing ngarsane sarta sujud.

26. Nanging diadegake dening Rasul Petrus kalawan dipangandikani: “Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah.”

27. Rasul Petrus nuli lumebet kalawan ngandikan karo Kornelius, banjur kapanggih lan wong akeh kang wis padha nglumpuk.

28. Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.

29. Inggih punika sababipun kula lajeng boten kawratan mriki. Ingkang punika kula kapengin sumerep, punapa sababipun dene kula panjenengan dhatengaken?”

30. Ature Kornelius: “Sakawan dinten kapengker ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.

31. Dumadakan wonten satunggaling priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius, pandongamu wis dipiyarsakake dening Gusti Allah lan sedhekahmu wis kaengetan ana ing ngarsaning Allah.

32. Mulane kongkonana wong menyang ing Yope methuk Simon kang peparab Petrus, kang lagi mondhok ing omahe Simon, tukang samak, ing pinggir sagara.

33. Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”

Rasul Petrus paring piwulang

10:34-48

34. Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang.

35. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.

36. Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.

37. Panjenengan sadaya sampun nguningani samukawis ingkang sampun kelampahan wonten ing saindenging tanah Yudea wiwit saking ing tanah Galilea, sasampunipun baptisan ingkang kaundhangaken dening Nabi Yokanan,

38. inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.

39. Wondene kula sadaya punapa sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanah Yudea saha ing Yerusalem; wasana lajeng kasedanan dening tiyang-tiyang sarana kagantung ing kajeng salib.

40. Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,

41. boten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng para seksi, ingkang saderengipun sampun tinuding dening Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndherek nedha lan ngombe kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.

42. Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.

43. Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”

44. Nalika Rasul Petrus lagi ngandika mangkono iku, kabeh wong kang ngrungokake pangandika padha katedhakan ing Roh Suci.

45. Kabeh wong pracaya saka golongan tetakan kang ndherekake Rasul Petrus, padha kaeraman, jalaran padha sumurup, yen peparing Roh Suci iku uga kaganjarake marang bangsa-bangsa liya;

46. amarga padha krungu anggone wong-wong mau banjur padha calathu nganggo basa warna-warna lan ngluhurake Gusti Allah. Rasul Petrus banjur ngandika:

47. “Apa ana wong kang bisa ngalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisi nganggo banyu, wong wis padha tampa Roh Suci kayadene kita?”

48. Banjur dhawuh, supaya wong-wong mau padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus Kristus. Sawise iku nuli padha nyuwun, supaya Rasul Petrus lereb ana ing kono sawatara dina.