Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 17 Kitab Sutji (JAV)

Rasul Paulus lan Silas ana ing Tesalonika

17:1-9

1. Rasul Paulus lan Silas tumuli padha nratas ing kutha Amfipolis lan kutha Apolonia, banjur tekan ing kutha Tesalonika. Ing kono ana papan pangibadahe wong Yahudi.

2. Kaya adate Rasul Paulus nuli lumebet mrono, sarta nganti telung Sabat terus-terusan anggone reraosan karo wong Yahudi bab perang-peranganing Kitab Suci

3. kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”

4. Ana sawatara panunggalane wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Rasul Paulus lan Silas sarta iya uga ana wong Yunani sawatara akeh kang padha bekti ing Allah, lan uga para wanita bangsa luhur ora sathithik.

5. Nanging wong-wong Yahudi iku padha panas atine lan kalawan dibiyantu dening wong ala panunggalane wong rucah sawatara, padha gawe geger sarta ngisruhake kutha kono. Wong-wong iku padha nempuh ing omahe Yason, arep ngladekake Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat.

6. Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ing ngarsane para panggedhening kutha, kalawan nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang sami sampun nggegeraken jagad sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki

7. tuwin Yason punika nampeni tiyang-tiyang wau wonten ing griyanipun. Tiyang punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Sang Nata Agung, sami mratelakaken, bilih wonten ratu sanesipun, inggih punika Yesus.”

8. Nalika wong akeh lan para panggedhening kutha padha krungu, banjur padha goreh atine.

9. Nanging bareng Yason lan sadulur-sadulur liyane padha tanggung, banjur padha dililani mundur.

Rasul Paulus lan Silas ana ing kutha Berea

17:10-15

10. Nanging ing bengi iku uga Rasul Paulus lan Silas diaturi dening para sadulur ing kono supaya enggal tindak menyang ing kutha Berea. Sarawuhe ing kono banjur padha tindak menyang ing papan pangibadahe wong Yahudi.

11. Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.

12. Akeh panunggalane kang manjing pracaya; uga ora sathithik panunggalane golongan kaputren lan kakung luhur bangsa Yunani.

13. Nanging bareng wong-wong Yahudi ing Tesalonika padha ngreti, yen Rasul Paulus ana ing kutha Berea uga martakake pangandikaning Allah, banjur padha teka mrono ngobong lan nggorehake atine wong akeh.

14. Nanging para sadulur banjur padha ngaturi Rasul Paulus supaya enggal tindak menyang ing pasisir sagara, nanging Silas lan Timoteus isih padha keri ana ing kutha Berea.

15. Wong-wong kang ngeterake Rasul Paulus padha ndherek tekan ing kutha Atena, banjur padha bali kalawan diweling supaya Silas lan Timoteus enggal padha nusul.

Rasul Paulus ana ing kutha Atena

17:16-21

16. Rasul Paulus sajrone ngentosi ana ing kutha Atena iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani nagara kono kebak reca-reca brahala.

17. Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.

18. Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.

19. Wong-wong mau banjur padha ngaturi Rasul Paulus tindak menyang ing parepatan ing Areopagus lan matur: “Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang enggal ingkang panjenengan wulangaken punika?

20. Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang aneh. Milanipun kula sami kapengin mangretos, punapa tegesipun punika sadaya.”

21. Wong-wong Atena lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober mrelokake bab liyane kajaba mung ngandhakake lan ngrungokake samubarang kang anyar.

Rasul Paulus memulang ana ing Areopagus

17:22-34

22. Rasul Paulus banjur jumeneng ana ing Areopagus lan ngandika: “para sadherek ing Atena, kula sumerep, bilih panjenengan sadaya punika tumrap ing samukawis punapa kemawon sakalangkung bekti dhateng para dewa.

23. Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.

24. Gusti Allah ingkang nitahaken jagad saisinipun sadaya punika, sarehning jumeneng Pangeraning langit lan bumi, pramila boten dumunung wonten ing dalem damelaning manungsa,

25. sarta ugi boten dipun ladosi ing tanganing manungsa, kados wontena kakiranganipun tumrap punapa-punapa, amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang saha ambekan sarta samukawis kabetahan dhateng manungsa sadaya.

26. Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.

27. Punika supados tiyang sami madosi Panjenenganipun saha mugi-mugi saged kraos tuwin pinanggih kaliyan Panjenenganipun, sanadyan Panjenenganipun punika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak.

28. Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan:Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah.

29. Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.

30. Tanpa ngengeti malih dhateng jaman kabodhoan punika, Gusti Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat.

31. Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”

32. Wong-wong mau bareng krungu bab tangine wong mati, banjur ana kang padha moyoki, lan ana liyane kang padha ngucap: “Sanes wekdal kemawon kula sami badhe mirengaken sesorah panjenengan bab punika malih.”

33. Rasul Paulus banjur tindak saka ing tengahe wong-wong mau.

34. Ewasamono iya ana wong lanang sawatara kang manunggal karo Rasul Paulus lan padha manjing pracaya, kayata Dhionesius, warganing pradata Areopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyane bebarengan karo wong-wong mau.