Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 21 Kitab Sutji (JAV)

Rasul Paulus ana ing kutha Tirus lan ing kutha Kaisarea

21:1-14

1. Kacarita sawuse aku padha pepisahan kalawan rasa kang abot banget iku, aku banjur padha mancal terus ngener menyang ing pulo Kos. Esuke tekan ing pulo Rodos lan saka ing kono aku nuli padha menyang ing kutha Patara.

2. Ana ing kono oleh prau, kang bakal menyang ing tanah Fenisia. Aku padha nunggang prau iku lan banjur mangkat.

3. Sawuse mangkono ing sisih kiwa katon pulo Siprus, nanging mung padha dakliwati bae sarta banjur terus layar menyang ing tanah Siria. Wasana tekan ing kutha Tirus, jalaran momotaning prau dibongkar ana ing kono.

4. Ana ing kono aku padha nemoni para siswa sarta nginep ana ing kono pitung dina. Marga saka padha kawisik dening Roh, para siswa mau padha nyaosi pamrayoga marang Rasul Paulus, supaya aja tindak menyang Yerusalem.

5. Nanging bareng wis kliwat wektune, aku banjur padha mangkat mbanjurake lakuku. Para siswa saanak bojone padha nguntapake aku nganti tekan ing jaban kutha; ana ing gisik aku padha jengkeng ndedonga.

6. Sawise pamitan aku padha munggah ing prau, dene wong-wong mau kabeh padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe.

7. Saka ing kutha Tirus aku padha menyang ing kutha Ptolemais, nuli padha mentas. Aku banjur padha sesalaman karo para sadulur sarta lereb sadina ana ing panggonane.

8. Esuke aku padha mangkat saka ing kono lan banjur tekan ing kutha Kaisarea, njujug ing daleme Sang Filipus, juru-Injil, yaiku panunggalane kang pitu, kang kapilih ana ing Yerusalem. Aku padha nginep ana ing kono.

9. Sang Filipus iku kagungan putra estri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit.

10. Sawise lereb sawatara dina ana ing kono, ana sawijining nabi kang rawuh saka ing tanah Yudea, asmane Nabi Agabus.

11. Iku manggihi aku kabeh, banjur mundhut ageme peningset Rasul Paulus, diagem nangsuli sampeyane lan astane piyambak kalawan ngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci: Kang kagungan paningset iki bakal kabesta mangkene iki dening wong-wong Yahudi ing Yerusalem sarta bakal kapasrahake marang tangane bangsa-bangsa liya.”

12. Krungu kang mangkono iku aku kabeh dalasan para siswa ing panggonan kono banjur padha matur marang Rasul Paulus, supaya aja tindak menyang ing Yerusalem.

13. Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”

14. Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”

Rasul Paulus rawuh ing Yerusalem manggihi Yakobus lan para pinituwa

21:15-26

15. Bareng ana ing kutha Kaisarea wis sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta banjur mangkat menyang Yerusalem.

16. Para siswa ing Kaisarea iya ana sawatara kang padha melu, ngeterake aku kabeh menyang ing omahe sawijining siswa lawas kang aran Manason, wong saka ing Siprus, kang bakal dakpondhoki.

17. Nalika aku padha teka ing Yerusalem, kabeh sadulur nampani aku kalawan bungahing ati.

18. Esuke Rasul Paulus tindak bebarengan karo aku menyang ing daleme Sang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwa wis padha ana ing kono.

19. Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.

20. Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.

21. Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng sadaya tiyang Yahudi ingkang sami manggen ing satengahing bangsa-bangsa sanes, supados sami nilar angger-anggeripun Nabi Musa, sami panjenengan penging sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.

22. Mila lajeng kadospundi sapunika? Tamtu sami badhe mireng bilih panjenengan sampun rawuh mriki.

23. Awit saking punika, sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula aturaken punika: Ing antawis kita wonten tiyang sakawan ingkang sami gadhah nadar.

24. Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhe saged sumerep, bilih sadaya pawartos bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika boten nyata babar pisan saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Toret.

25. Wondene bangsa-bangsa sanes, ingkang sampun sami manjing pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan, sesajening brahala, rah, daginging kewan tetakan, punapa dene lampah jina.”

26. Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.

Rasul Paulus kacepeng

21:27-36

27. Nalika ngarepake pundhate pitung dinane, wong-wong Yahudi kang teka saka ing tanah Asia padha weruh Rasul Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur nggegerake rakyat lan nyekel panjenengane,

28. karo nguwuh-uwuh: “He, wong-wong Israel, tulung! Iki wonge sing ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Toret sarta panggonan iki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci lan najisake panggonan suci iki!”

29. Amarga sadurunge padha sumurup Trofimus wong Efesus bebarengan karo Rasul Paulus ana ing kutha lan ngira, yen diajak Rasul Paulus lumebu ing Padaleman Suci.

30. Wong sakutha kabeh padha geger, wong akeh padha teka kumrubut lan banjur nyekel Rasul Paulus, diseret metu saka ing Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha diinebake.

31. Nalika wong-wong mau padha ngrancang arep nyedani panjenengane, panggedhening wadya-bala mireng kabar, yen wong sakutha Yerusalem padha geger.

32. Iku banjur ngajak wadya-balane dalasan opsir-opsire marani wong akeh mau. Bareng wong-wong padha nyumurupi rawuhe panggedhe sawadya-balane iku, banjur leren anggone nggebugi Rasul Paulus.

33. Panggedhe mau nyelaki Rasul Paulus, kang banjur dicepeng sarta dibesta nganggo rante rangkep loro tuwin ndangu, sapa panjenengane iku lan apa kang ditindakake.

34. Nanging wong akeh iku ana kang nguwuh mangkene ana kang mangkono. Sarehne marga saka gegere wong, panggedhe mau ora bisa mangretos apa kang sabenere kalakon, mulane banjur dhawuh nggawa Rasul Paulus menyang ing beteng.

35. Bareng tekan ing undhak-undhakan, Rasul Paulus kapeksa diusung dening para prajurit, marga saka akehe wong kang ngebyuk sek-sekan,

36. gumrudug nututi karo nguwuh-uwuh: “Kasirnakna tiyang punika!”

Rasul Paulus nyuwun idin, keparenga medhar pangandika

21:37-40

37. Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu menyang ing beteng, panjenengane matur marang panggedhening prajurit mau: “Punapa kepareng matur dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!

38. Dadi kowe iku dudu wong Mesir, kang durung suwe iki nuwuhake pambrontakan lan mlayokake brandhal patang ewu kang asikep gegaman, menyang ing ara-ara-samun?”

39. Wangsulane Rasul Paulus: “Kula punika tiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kitha ingkang misuwur ing tanah Kilikia. Kula nyuwun kalilana wicanten dhateng tiyang kathah punika.”

40. Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene: