Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku pasamuwan ing Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger, lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen, palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lan Saulus.

2. Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntemtokake tumrap karone.”

3. Mulane banjur padha puwasa lan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan, karone padha dililani mangkat.

Rasul Paulus lan Barnabas ana ing pulo Siprus

13:4-12

4. Sakarone, kang padha kautus dening Sang Roh Suci iku, nuli tindak menyang ing palabuhan Seleukia; saka ing kono padha layar menyang ing pulo Siprus.

5. Bareng wis rawuh ing kutha Salamis, banjur padha martosake pangandikaning Allah ana ing papan-papan pangibadahe wong Yahudi, sarta Yokakan ndherekake minangka pambantu.

6. Nuli padha ndlajahi pulo mau kabeh, nganti tekan ing kutha Pafos; ana ing kono nrenjuhi sawijining wong Yahudi, jenenge Baryesus. Iku dadi tukang sikir lan nabi palsu,

7. apamaneh dadi mitrane kang jumeneng gupernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, asmane Sergius Paulus. Gupernur iku nimbali Rasul Barnabas lan Saulus sabab kapengin mirengake pangandikaning Allah.

8. Nanging Elimas -- mangkono jenenge tukang sikir mau ing basa Yunani -- ngalang-alangi sarta mbudi-daya supaya Sang Gupernur aja pracaya.

9. Nanging Rasul Saulus, kang uga asma Paulus, kang kapenuhan ing Roh Suci, nuli mancerengi dheweke

10. lan ngandika: “Heh, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowe iku mungsuhe sakabehing kayekten, apa kowe ora uwis-uwis anggonmu ngingerake Marganing Pangeran, kang lenceng iku?

11. Saiki delengen, astaning Pangeran nempuh marang kowe, kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisa ndeleng srengenge.” Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pepeteng lelimengan, sarta banjur grayah-grayah golek wong kang nuntun dheweke.

12. Ndeleng apa kang mentas kalakon iku, Sang Gupernur banjur pitados, sarta kagawokan marga saka piwulange Gusti iku.

Tindak menyang ing kutha Antiokhia ing tanah Pisidhia

13:13-49

13. Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka ing Pafos lan layar menyang ing kutha Perga ing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumuli pamitan lan bali menyang ing Yerusalem.

14. Saka ing Perga padha nglajengake tindake menyang ing kutha Antiokhia ing Pisidhia. Bareng ing dina Sabat karone tindak menyang ing papan pangibadah, tumuli lenggah ana ing kono.

15. Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”

16. Rasul Paulus banjur jumeneng sarta sawise paring sasmita kalawan astane, nuli ngandika: “Para sadherek Israel saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken.

17. Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.

18. Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.

19. Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.

20. Sasampunipun watawis kawan atus seket taun, lajeng kaparingan hakim ngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuel.

21. Sasampunipun makaten sami nyuwun kaparingana ratu. Gusti Allah nunten maringi Saul, anakipun Kisy, saking taler Benyamin, laminipun kawan dasa taun.

22. Sasampunipun Sang Nata Saul kasingkiraken, Gusti Allah lajeng njunjung Dawud, kajumenengaken ratu. Tumrap Sang Prabu Dawud punika Gusti Allah sampun pratela: Ingsun wus manggih Dawud, anake Isai, wong kang ndadekake keparenging panggalihingSun sarta kang nglakoni sakabehing karsaningSun.

23. Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.

24. Nalika ngajengaken rawuhipun, Nabi Yokanan sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israel sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.

25. Salajengipun, nalika Nabi Yokanan sampun meh rampung anggenipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten: Aku iki dudu kang kokkira, yen aku iki Panjenengane, nanging Panjenengane bakal rawuh sawise aku. Aku bok nguculi ageme trumpah saka ing sampeyane bae, ora pantes.

26. Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.

27. Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.

28. Punapadene sanadyan boten manggih bab-bab ingkang njalari kaukum pejah, ewasamanten sami nyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus.

29. Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap ing Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaandhapaken saking kajeng salib tuwin kasarekaken.

30. Nanging nunten kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah,

31. sarta ngantos sawatawis wekdal dangunipun anggenipun ngatingal dhateng para ingkang sami ndherek Panjenenganipun saking tanah Galilea dhateng Yerusalem. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang sapunika sami dados seksinipun wonten ing sangajengipun umat punika.

32. Dene kula sadaya sapunika sami martosaken kabar-kabingahan dhateng panjenengan sadaya, inggih punika, bilih prajanjian ingkang kaparingaken dhateng para leluhur kita punika,

33. sampun dipun tetepi dening Gusti Allah tumrap kita, para turunipun, sarana anggenipun ngwungokaken Gusti Yesus, kados ingkang kaseratan ing masmur ingkang kaping kalih:Sira iku PutraningSun!Ingsun wus mutrakake Sira ing dina iki.

34. Gusti Allah sampun ngwungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah saha boten badhe kapasrahaken malih dhateng ing karisakan. Bab punika kapratelakaken dening Pangeran wonten ing pangandikanipun makaten:Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang sucikang kena pinracaya tumrap sira,kang wus Sunparingake marang Dawud.

35. Awit saking punika wonten ing masmur sanesipun pangandikanipun makaten:Paduka boten badhe masrahaken Abdi Padukaingkang suci dhateng karisakan.

36. Awit Sang Prabu Dawud nglampahi karsaning Allah nalika ing jamanipun, lajeng seda saha kasarekaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadene pancen kaulungaken dhateng ing karisakan.

37. Nanging Gusti Yesus ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, boten makaten.

38. Milanipun ndadosna ing kauningan, para sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa,

39. saha wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaluwaran saking sadaya dosa; punika boten saged panjenengan tampeni saking angger-anggeripun Nabi Musa.

40. Milanipun sami kula aturi waspaos, supados sampun ngantos kalampahan tumrap panjenengan punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing kitabipun para nabi, ingkang suraosipun:

41. Dieling, heh wong kang padha watek seneng ngremehake,padha erama lan sirnaa,sabab Ingsun nindakake pakaryan ing jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel,saupama dicaritakake marang sira.”

42. Nalika Rasul Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya karo-karone ing dina Sabat candhake karsa paring pangandika maneh bab prakara mau.

43. Sarampunge nindakake pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndherek Rasul Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmating Allah.

44. Ing dina Sabat candhake meh wong sakutha kabeh padha nglumpuk ngrungokake pangandikaning Allah.

45. Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.

46. Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.

47. Sabab aku padha diparingi dhawuh mangkene:Sira wus Suntetepake dadi pepadhangtumrap bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah,supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi.”

48. Krungu kang mangkono iku, kabeh wong kang ora wanuh marang Allah padha bungah sarta padha ngluhurake pangandikaning Pangeran, sarta kabeh wong kang pinasthekake dening Allah tampa urip langgeng, padha manjing pracaya.

49. Pangandikane Pangeran banjur kagiyarake ing tanah kono kabeh.

Tindak menyang ing kutha Ikonium, Listra lan Derbe

13:50--14:20

50. Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wanita-wanita kang kajen keringan kang bekti ing Allah sarta para panggedhe ing kutha kono lan banjur nenangi panguya-uya marang Rasul Paulus lan Barnabas, padha ditundhung saka ing wewengkon kono.

51. Nanging Rasul Paulus lan Barnabas nuli padha ngetabake lebu ing sampeyane, minangka pameleh marang wong-wong mau, banjur tedhak menyang ing kutha Ikonium.

52. Dene para siswa ing Antiokhia padha kapenuhan ing kabungahan lan Roh Suci.