Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 5 Kitab Sutji (JAV)

Urip dadi putra-putraning pepadhang

5:1-21

1. Awit saka iku padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih

2. lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.

3. Nanging mungguh laku jina lan sarupane pratingkah rusuh utawa kamurkan iku aja nganti sanadyan munga kasebut bae ana ing antaramu, kaya kang pantes tumraping para suci.

4. Samono uga aja ngucap kang saru-saru, clemang-clemong utawa geguyon sembranan -- marga iku kabeh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa sokur.

5. Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.

6. Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.

7. Marga saka iku aja nganti kowe kekancan karo wong-wong iku.

8. Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang,

9. marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,

10. lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti.

11. Aja melu-melu marang pratingkahe pepeteng kang ora metokake woh apa-apa. Nanging kosokbaline iku welehna.

12. Awit mung ngucapake bae mungguh apa kang katindakake dening wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wus jeneng saru.

13. Nanging samubarang kang wus kawelehake dening pepadhang iku dadi kelair, awit kabeh kang kelair iku katon padhang.

14. Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”

15. Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,

16. lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.

17. Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.

18. Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh,

19. lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.

20. Tansah caosa sokur marang Gusti Allah Sang Rama kita tumrap samubarang kabeh atas asmane Gusti kita Yesus Kristus,

21. lan diandhap-asor ing antarane siji lans ijine ana ing sajrone wedi asih marang Sang Kristus.

Katresnane Sang Kristus iku dhasaring jejodhoan

5:22-33

22. He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,

23. awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.

24. Awit saka iku kayadene pasamuwan sumuyud marang Sang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumrap ing samubarang kabeh.

25. He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku

26. supaya dadia suci, sarana diresiki nganggo padusan banyu kang kinanthenan pangandika

27. sarta kalawan mangkono banjur diprenahake ana ing ngarsane wus katon mancorong tanpa cacad lan ora njengkerut sapiturute, nanging wus dadi pasamuwan kang suci lan tanpa cacad.

28. Mangkono uga para wong lanang padha kawjiban tresna marang bojone kaya marang awake dhewe: Sing sapa tresna marang bjone iku awake dhewe kang ditresnani.

29. Marga ora tau ana wong nggethingi awake dhewe, malah diingoni lan diupakara padha kaya Sang Kristus marang pasamuwan,

30. awit kita iki gegelitaning sarirane.

31. Marga saka iku wong lanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lan rumaket marang bojone, temahan sakarone iku dadi daging siji.

32. Iki wewadi kang gedhe, nanging kang dakkarepake gegayutane Sang Kristus karo pasamuwane.

33. Dadi tumraping kowe: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhewe, dene para wong wadon padha ngajenana marang kang lanang.