Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 3 Kitab Sutji (JAV)

Wadining timbalan marang wong-wong dudu Yahudi

3:1-13

1. Yaiku sababe aku iki, Paulus, wong kang dikunjara marga saka Sang Kristus Yesus kanggo kowe wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,

2. -- kowe rak wus padha krungu mungguh ayahaning sih-rahamate Gusti Allah, kang kapitayakake marang aku marga saka kowe kabeh,

3. yaiku srana wahyu anggonku wus kasumurupake ing wewadi, kaya kang wus daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.

4. Yen kokwaca, kowe bisa sumurup mungguh pangretenku bab kekeraning Sang Kristus,

5. kang ing biyen-biyene ora dakwartakake marang anak-anake manungsa, nanging kang saiki kawedharake marang rasul-rasul lan nabi-nabine Gusti kang suci marga dening Roh,

6. yaiku manawa wong-wong dudu Yahudi marga saka Pawarta Injil, melu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta melu duwe panduman ana ing prasetyan kang kaparingake ana ing patunggilane Sang Kristus Yesus.

7. Aku wus dadi paladene Injil iku manut peparinge sih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarake marang aku cundhuk karo makaryane panguwaose.

8. Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,

9. sarta kanggo nerangake apa isine ayahaning wewadi kang wus atusan taun kineker ing Gusti Allah, kang nitahake samubarang kabeh,

10. supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,

11. laras karo karsane kang langgeng, kang wus katindakake ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

12. Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.

13. Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.

Pandongane Rasul Paulus

3:14-21

14. Iya iku mulane aku jengkeng sujud ana ing ngarsane Sang Rama,

15. kang dadi asale sebutane kabeh turun kang ana ing swarga lan ing bumi.

16. Aku ndedonga, supaya Panjenengane saka gunging kamulyane nguwatake lan nyantosakake kowe dening Rohe ing batinmu,

17. temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana in katresnan.

18. Aku ndedonga, supaya kowe karo sakehing para suci bisa nyumurupi sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus

19. sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.

20. Iya Panjenengane, kang kuwaos nindakake luwih dening akeh tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang tumindak ana ing kita,

21. iya Panjenengane iku kang sayogya kacaosan kamulyan ana ing pasamuwan lan ing sajrone Sang Kristus Yesus, turun-tumurun nganti salawas-lawase. Amin.