Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 2 Kitab Sutji (JAV)

Kabeh-kabeh iku sih-rahmat

2:1-10

1. Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.

2. Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.

3. Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.

4. Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,

5. wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --

6. lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangekake lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengane ana ing swarga,

7. supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.

8. Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,

9. iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

10. Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.

Katunggilake ana ing Sang Kristus

2:11-22

11. Mulane ngelingana, manawa biyen kowe -- wong-wong kang dudu wong Yahudi mungguh ing daging, kang sinebut wong-wong kang ora tetak dening wong-wong kang ngarani awake dhewe “tetak”, yaiku tetak tata lair srana tanganing manungsa, --

12. manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.

13. Nanging saiki kowe ana ing Sang Kristus Yesus, kowe kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rohe Sang Kristus.

14. Marga iya Panjenengane iku tentrem-rahayu kita, kang wus manunggalake sakaro-karone dadi siji lan kang wus ngrubuhake tembok singgetan, yaiku sesatron,

15. awit Panjenengane wus mbatalake angger-anggering Toret dalasan sakabehing pepakon lan katamtuan-katamtuan, supaya sakaro-karone dadi manungsa anyar siji ana ing panjenengane lan kalawan mangkono iku banjur nganakake tentrem-rahayu,

16. lan kanggo ngrukunake sakaro-karone, ana ing badan siji, karo Gusti Allah srana salib, kanthi ngilangake sesatron kang ana ing salib iku.

17. Panjenengane rawuh lan martakake tentrem-rahayu marang kowe kabeh kang “adoh” lan marang wong-wong kang “cedhak”,

18. awit iya marga saka Panjenengane iku kita sakarone ana ing Roh siji padha oleh dalan marang ing ngarsane Sang Rama.

19. Marga saka iku, kowe dudu wong manca lan wong neneka maneh, nanging wus manjing dadi sagolongan karo para suci lan manjing dadi brayating Allah,

20. kang kabangun adhedhasar ing para rasul lan para nabi, kalawan Sang Kristus Yesus kang minangka watuning pepojok.

21. Iya Panjenengane iku kang dadi margane sagedhong kabeh, sawise katata runtut banjur dadi Padalemaning Alah kang Suci, ana ing sajrone Gusti.

22. Ana ing Padaleman iku kowe uga padha melu kabangun dadi padalemane Gusti Allah, ana ing sajrone Roh.