Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 3 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Samuel katimbalan

3:1--4:1a

1. Wong anom Samuel iku ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli. Ing nalika samana arang ana pangandikane Sang Yehuwah, malah sanadyan wahyu iya mung kala-kala anane.

2. Nuju sawijining dina Imam Eli, kang tingale wis lamur lan ora bisa mirsani cetha, pinuju sarean ana ing pasareane.

3. Lampuning padalemane Gusti Allah durung mati. Samuel wis turu ana ing padalemane suci Sang Yehuwah, papaning pethine Gusti Allah.

4. Sang Yehuwah nuli nimbali: “Samuel, Samuel!” lan Samuel matur: “Nuwun kula Rama!”

5. Samuel banjur mlayu marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, balia turu maneh!” Samuel banjur bali turu.

6. Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh. Samuel iya banjur tangi, nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, ngger anakku, balia turu maneh!”

7. Samuel durung wanuh karo Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah durung tau kawedhar marang Samuel.

8. Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh, kang kaping telune. Samuel iya banjur tangi nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Imam Eli banjur ngretos, manawa Sang Yehuwah kang nimbali bocah iku.

9. Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel: “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone.

10. Sang Yehuwah banjur ngrawuhi jumeneng ana ing kono lan nimbali kaya kang uwis-uwis: “Samuel, Samuel!” Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”

11. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Samuel: “Wruhananira, Ingsun bakal nindakake sawijining prakara ana ing Israel, temah sadhengah wong kang krungu bakal sumruweng kupinge karo pisan.

12. Ing dina iku Ingsun netepi tumrap Eli, samubarang kang Sunngandikakake bab kulawargane, saka wiwitan tekan wekasan.

13. Ujer wus Sundhawuhake yen Ingsun bakal ngukum kulawargane ing salawas-lawase, amarga saka dosa kang disumurupi, yaiku anggone anak-anake nyawiyah Gusti Allah nanging ora disrengeni.

14. Mulane Ingsun wus supaos marang kulawargane Eli yen dosane kulawargane ora bisa diruwat sarana kurban sembelehan utawa kurban dhaharan nganti ing salawas-lawase.”

15. Samuel anggone turu nganti tumeka esuk; nuli ngengakake korining padalemane Sang Yehuwah. Samuel pakewuh ngaturi pirsa bab wahyu iku marang Imam Eli.

16. Nanging Imam Eli nimbali Samuel, pangandikane: “Samuel anakku.” Wangsulane Samuel: “Nuwun kula Rama.”

17. Pangandikane Imam Eli: “Apa kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang kowe? Aja kok sidhem marang aku. Kowe diganjara paukuman dening Sang Yehuwah mangkene lan diwuwuhana luwih akeh saka iku, manawa kowe nyidhem satembung bae apa kang dipangandikakake marang kowe.”

18. Samuel banjur ngaturi kabeh mau marang Imam Eli, ora ana sawiji bae kang disidhem. Imam Eli nuli ngandika: “Panjenengane iku Sang Yehuwah, iya kelakona apa kang kagalih prayoga.”

19. Samuel wis saya gedhe lan Sang Yehuwah nunggil karo dheweke, ora ana pangandikane siji bae kang ora kelakon.

20. Wong Israel kabeh wiwit ing Dan tekan ing Bersyeba padha ngreti, yen Samuel wus katetepake kalenggahane dadi nabine Sang Yehuwah.

21. Lan sabanjure Sang Yehuwah ngatingali marang Samuel ana ing Silo srana pangandikane.