Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah,awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal,lan kang bakal marasake kita;Panjenengane kang nggebagi kita,lan iya kang bakal mblebed kita uga.

2. Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh,ing dina katelune ditangekake,dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.

3. Mulane payo padha tetepunganlan mbudidaya kanthi temen-temensupaya wanuh karo Pangeran Yehuwah,Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan;kita bakal dirawuhi patrape kaya udan,kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”

4. He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira?He Yehuda, sira bakal Sunkapakake?Sih-susetyanira kaya pedhu esuk,kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.

5. Mulane wus padha Sunremuk lumantar para nabilan Sunpateni srana pangandikane lesaningSunlan angger-anggeringSun sumunar kaya pepadhang.

6. Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnandudu kurban sembelehan,lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allahtinimbang karo kurban obaran.

Efraim ora gelem mratobat

6:7--7:2

7. Nanging wong-wong iku wus nerak prajanjian kaya Adam,ana ing kono anggone cidra marang Ingsun.

8. Gilead iku nagarane para durjana,kebak tabet-tabeting getih.

9. Pakumpulane para imam ikukaya grombolan begal kang ngadhang memangsan,padha memateni ana ing dalan kang anjog ing Sikhem,sanyatane, tindak kang nistha kang dilakoni.

10. Ana ing antrane turune Israel Ingsun mirsa pokal-gawe kang nggegirisi;ana ing kono Efraim padha laku jinalan Israel wus najisake awake dhewe.

11. He Yehuda, uga sira wus kacadhangan mangsa panen:Samangsa kaanane umatingSun wus Sunpulihake,