Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 12 Kitab Sutji (JAV)

Efraim lan Rama Yakub leluhure

12:1-15

1. Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara,lan kalawan apus dening turune Israel,dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah,saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya.

2. Efraim iku njaga angin,lan mburu angin wetan sedina muput,ngakehake tindak cidra lan panganiaya,padha gawe prajanjian karo Asyur,lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.

3. Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.

4. Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.

5. Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:

6. -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,kang asma Yehuwah. --

7. “Sira iku kudu mratobat marang Allahira,netepana katresnan lan angger-angger,sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”

8. Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,lan kang seneng memeres,

9. pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih,wus oleh raja-brana.Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputankang ateges dosa tumrap aku.”

10. Nanging Ingsun iki Yehuwah,Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir.Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub manehkaya ing dina-dina riyaya.

11. Ingsun mangandikani para nabi,sarta wus paring wahyu bola-baliapadene paring pasemon lumantar para nabi mau.

12. Manawa ing Gilead ana kadursilan,wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna;ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang,mulane misbyah-misbyahe ugapadha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.

13. Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram,Israel ngenger supaya oleh bojo,malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku.

14. Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir,malah banjur direksa dening nabi.

15. Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget,temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih,sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade.