Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 3 Kitab Sutji (JAV)

Ditampani maneh, nanging ora dianggep

3:1-5

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.”

2. Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer.

3. Iku nuli dakkandhani mangkene: “Kowe kudu manggon tetunggalan karo aku nganti suwe lan aja laku bedhang sarta aja kadarbe ing wong lanang liya; aku iya ora bakal ngewori turu kowe.”

4. Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.

5. Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.