Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 9 Kitab Sutji (JAV)

Bakal tanpa ana kabungahan ing sajroning pambuwangan

9:1-9

1. He Israel, aja giyak-giyak!Aja surak-surak kaya bangsa-bangsa liya!Awit sira wus laku bedhang,lan ninggal Gusti Allahira,opahane bedhangan kang sira senengi,ana ing sakehe papan panutoning gandum.

2. Papan panuton gandum lan pamipitan anggurora bakal aweh pangan marang wong-wong iku;sarta anggur bakal ndadekake gelane.

3. Bakal padha ora lestari manggon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah,nanging Efraim kudu bali menyang Mesir,sarta ana ing tanah Asyur bakal padha mangan kang karam.

4. Bakal ora ngunjukake kurban unjukan anggur marang Pangeran Yehuwah,sarta kurban-kurbane sembelehan ora bakal gawe renane Panjenengane;rotine kaya rotining kasusahan,kang mangan bakal padha dadi najis kabeh,marga rotine iku mung kanggo awake dhewe,ora kepareng digawa lumebu menyang ing padalemane Pangeran Yehuwah.

5. Sira bakal nglakoni apa ing dina gedhe,sarta ing dina riyayane Sang Yehuwah?

6. Sabab sanadyan padha oncat saka ing karusakan,bakal diklumpukake ana ing tanah Mesirlan Memfis bakal ngubur wong-wong mau;barang-barange kang arupa salaka kang akeh ajine bakal katutupan suket,lan tarube padha kathukulan lateng.

7. Wus tumeka ing dinaning paukuman,wus tumeka ing dinaning pamales,Israel bakal ngalami,“Nabi iku wong gemblung,wong kang kapenuhan ing roh, iku owah!”,marga saka gedhene kaluputaniralan marga saka bangete anggonira memungsuhan.

8. Efraim, umate Allahku, iku lagi ndingkik marang nabi,sarta ing saurute dalane dipasangi jaringe wong mikat manuk,dalasan ing padalemane Gusti Allahe ana memungsuhan.

9. Ala banget pokale wong-wong ikukaya kang kelakon ana ing Gibea.Pangeran bakal enget marang durakanelan dosane wong-wong iku bakal kaukum.

Wohing pamurtade Israel

9:10-17

10. AnggoningSun biyen mrangguli Israelkayadene woh anggur ing pasamunan;anggoningSun mirsani para leluhurira,kaya pametune kawitan woh anjir.Nanging iku banjur padha marani Baal-Peorsarta ngabekti marang dewaning kanisthan,satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.

11. Kaluhurane Efraim mabur kaya manuk,ora ana kang nglairake,kang meteng lan kang ngandheg!

12. Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe,mesthi Sundadekake ora duwe anak,satemah ora ana manungsa maneh.Lah, bilai uga wong-wong ikusamangsa wus padha Suntilar!

13. Sunpirsani Efraim wus ndadekake anak-anake padha dadi kewan buron;Efraim kapeksa ngulungake anak-anake marang juru panumpes.

14. Dhuh Yehuwah, bangsa punika mugi kaparingana, --badhe Paduka paringi punapa? --Kaparingana wetengan ingkang gabug,sarta susu ingkang kisut.

15. Sakehe pialane kelakon ana ing Gilgal;lan ing kana anggoningSun katuwuhan sengit marang wong-wong iku.Marga saka alaning panggawe-panggawenebakal padha Suntundhung saka ing padalemaningSun.Ingsun ora bakal asih maneh marang wong-wong iku;para panggedhene iku pemberontak kabeh.

16. Efraim wus kagebug,oyode wus dadi garing,bakal padha ora metokake woh;malah sanadyan padha nglairna anak pisan,wohing wetengane kang dinama-dama iku bakal Sunpateni.

17. Bakal padha katundhung dening Allahku,marga ora padha ngrungokake marang Panjenengane,mulane bakal padha nglembara ana ing antarane para bangsa.