Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 7 Kitab Sutji (JAV)

1. samangsa Ingsun marasake Israel,nuli kelair dosane Efraim,lan pialane Samaria;dene wus padha tumindak ngapusi,maling lumebu kalawan ngrusak omah,grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.

2. Padha ora mikirmanawa Ingsun ngengeti sakehing pialane.Saiki uga wus padha kinepung ing pokale,kabeh iku ana ing ngarsaningSun.

Dosane Israel ing bab agama lan kaprajan

7:3-16

3. Pialane iku ndadekake senenging ratune,lan pakartine kang goroh ndadekake bungahe para panggedhe.

4. Kabeh padha laku jina,kayadene pawon kang murub terus,nalika tukange roti leren nggedhekake geni,sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi.

5. Ing dina pahargyane ratu kita,padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur;ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok.

6. Wong-wong iku batine kaya pawon murub,atine murub makantar-kantar;sawengi muput nepsune mendha,bareng esuk murub manehkaya geni kang nyalad-nyalad.

7. Wong-wong iku padha panas kabeh kaya pawon murub,lan mangsa para hakime nganti entek.Sakehe ratune wus padha tiwas,wong-wong iku ora ana siji-sijia kang sesambat marang Ingsun.

8. Efraim manunggal karo bangsa-bangsa,kadadeane Efraim kaya roti bunder kang ora diwalik.

9. Kekuwatane wus dientekake dening wong liya,nanging awake dhewe ora ngreti;uwane iya wus akeh,nanging iya ora ngreti.

10. Gumunggunge Israel dadi paseksi tumrap awake dhewe,ewadene padha ora mratobat marang Pangeran Yehuwah,Gusti Allahe,lan ing sajroning sakehe kaanan kang mangkono iku mau iya ora banjur ngupaya Panjenengane.

11. Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten,yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir,lan anggone marani Asyur.

12. Samangsa mangkat mrana,Ingsun bakal masang jaringingSun ing dhuwure,bakal Suntarik mudhun kaya manuk ing awang-awang,bakal Sungebagi marga saka piala-pialane.

13. Bilai wong-wong iku,marga wus padha minggat ninggal Ingsun,padha nemahana karusakan,awit wus padha brontak marang Ingsun!Arep padha Sunpitulungi,nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.

14. Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine,nanging padha nangis ana ing paturone.Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur,sarta padha mbalela marang Ingsun.

15. Sanadyan wus padha Sunlatih sarta Sunkuwatake tangane,ewasamono padha ngrancang arep nandukake piala marang Ingsun.

16. Padha mbalik marani Baal,lan padha kaya gandhewa kang cidra,para panggedhene bakal padha tiwas dening pedhang,marga saka tembunge kang kasar.Yaiku kang bakal dadi jalarane anggone bakal padhadipoyoki ana ing tanah Mesir.