Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 2 Kitab Sutji (JAV)

Pratelane bab wong-wong kang mulih saka ing pambuwangan

2:1-70

1. Iki pratelane bab wong ing propinsi Yehuda kang padha budhal mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diboyongi menyang ing tanah Babil dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan tanah Yehuda menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

2. Tekane padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Seraya, Reelaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana.Iki dhaftare wong-wong bangsa Israel:

3. bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;

4. bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;

5. bani Arakh: pitung atus pitung puluh lima;

6. bani Pahat-Moab, iya iku anak-anake Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus rolas;

7. bani Elam: sewu rong atus seket papat;

8. bani Zatu: sangang atus patang puluh lima;

9. bani Zakai: pitung atus sewidak;

10. bani Bani: nem atus patang puluh loro;

11. bani Bebai: nem atus telulikur;

12. bani Azgad: sewu rong atus rolikur;

13. bani Adhonikam: nem atus sewidak nenem;

14. bani Bigwai: rong ewu seket nenem;

15. bani Adin: patang atus seket papat;

16. bani Ater, yaiku bani Hizkia: sangang puluh wolu;

17. bani Bezai: telung atus telulikur;

18. bani Yora: satus rolas;

19. bani Hasum: rong atus telulikur;

20. bani Gibar: sangang puluh lima;

21. saka Betlehem: satus telulikur;

22. para wong Netofa: seket nenem;

23. saka Anatot: satus wolulikur;

24. saka Asmawet: patang puluh loro;

25. saka ing Kiryat-Arim, Kefira lan Beerot: pitung atus patang puluh telu;

26. saka ing Rama lan Gaba: nem atus selikur;

27. saka ing Mikhmas: satus rolikur;

28. saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;

29. saka ing Nebo: seket loro;

30. bani Magbis: satus seket nenem;

31. bani Elam, yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;

32. bani harim: telung atus rong puluh;

33. para wong saka ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selawe;

34. saka Yerikho: telung atus patang puluh lima;

35. bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.

36. Iki pratelane para imam:bani Yedaya, iya iku kulawangsane Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

37. bani Imer: sewu seket loro;

38. bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;

39. bani Harim: sewu pitulas.

40. Iki para wong Lewi:bani Yesua lan Kadmiel, yaiku tedhake Hodawya: pitung puluh papat.

41. Iki para pasindhen:bani Asaf: satus wolulikur.

42. Iki turune para jaga-gapura: bani Salum, bani Ater, bani Talmon, bani Akub, bani Hatita, bani Sobai, iku kabeh gunggunge satus telung puluh sanga.

43. Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah:bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot;

44. bani Keros, bani Siaha, bani Padon;

45. bani Lebana, bani Hagaba, bani Akub,

46. bani Hagab, bani Samlai, bani Hanan;

47. bani Gidel, bani Gahar, bani Reaya;

48. bani Rezin, bani Nekoda, bani Gazam;

49. bani Uza, bani Paseah, bani Besai;

50. bani Asna, bani Meunim, bani Nefusim;

51. bani Bakbuk, bani Hakufa, bani Harhur;

52. bani Bazlut, bani Mehida, bani Harsa;

53. bani Barkos, bani Sisera, bani Temah;

54. bani Neziah, bani Hatifa.

55. Iki turune para abdine Prabu Suleman:bani Sotai, bani Soferet, bani Peruda;

56. bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;

57. bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Ami.

58. Sakehe para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman iku gunggunge ana telung atus sangang puluh loro.

59. Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:

60. bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;

61. lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.

62. Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.

63. Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.

64. Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;

65. iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.

66. Jarane ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima;

67. untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

68. Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.

69. Padha ngaturake pisungsung ing sakadare minangka wragade pagawean rupa mas sawidak siji ewu dirham, selaka limang ewu mena, apadene klambi rangkepan panganggone para imam satus iji.

70. Dene para imam lan para wong Lewi sarta uga saperanganing rakyat, para pasindhen lan para jaga-gapura tuwin para abdining padalemaning Allah padha manggon ana ing kutha-kuthane, mangkono uga wong Israel liyane kabeh iya padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.