Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 9 Kitab Sutji (JAV)

Imam Ezra ngakeni dosaning wong Israel sajroning pandonga

9:1--10:44

1. Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.

2. Amargi ngalap anak-anakipun estri kangge badanipun piyambak utawi kangge anak-anakipun jaler, temah wiji ingkang suci campur kaliyan para tiyang ing tanah ngriki, malah ingkang sami miwiti nglampahi pandamel ingkang boten setya punika para pangageng saha para ingkang nyepeng pangwaos.”

3. Bareng aku krungu prakara kang mangkono iku, aku tumuli nyuwek sandhanganku lan jubahku sarta njabuti rambutku lan jenggotku tuwin banjur ndheprok dheleg-dheleg.

4. Sakehing wong kang gumeter saka wedine marang pangandikane Gusti Allahe Israel, marga saka panerake wong pambuwangan kang ora setya iku tumuli padha nglumpuk ana ing ngarepku, nanging aku isih tetep ndheprok bae klawan dheleg-dheleg, nganti tumeka wayah kurban sore.

5. Bareng wayah kurban sore iku aku banjur ngadeg saka enggonku nyiksa awakku, sarta jengkeng kanthi isih nganggo sandhanganku kang suwek lan ngegarake tanganku marang Sang Yehuwah Allahku,

6. lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.

7. Wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi ing dinten punika kalepatan kawula ageng, lan jalaran saking dosa kawula, kawula sadaya, para ratu kawula tuwin para imam kawula sami kaulungaken dhateng para ratu ing tanah ngamanca, dhateng pangwaosing pedhang, dhateng pambucalan saha sami kajarah rayah tuwin sami karemehaken wonten ing ngajenging tiyang kathah, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika.

8. Lan ing samangke, saweg kemawon kawula sami ngraosaken sih-palimirma paringipun Sang Yehuwah Gusti Allah kawula, ingkang nilari kawula tiyang ingkang sami oncat, saha maringi papan padunungan wonten ing panggenan ingkang suci, satemah mripat kawula sami kadadosaken padhang dening Gusti Allah, sarta kawula sami kaparingan lega sakedhik ing salebetipun pangawulan kawula.

9. Amargi sanadyan kawula sami kaabdekaken, ewadene salebetipun pangawulan punika, Gusti Allah kawula boten ngantos negakaken kawula, malah ngangsalaken sih kadarman kangge kawula wonten ing ngarsanipun para ratu ing Persia temah sami kaparingan adheng, saged mbangun padalemaning Allah kawula sarta ngadegaken malih jugruganipun, sarta malih kaparingan tembok pangayoman wonten ing tanah Yehuda saha ing Yerusalem.

10. Nanging lah samangke, dhuh Allah kawula, sasampunipun punika sadaya kawula badhe matur punapa? Amargi kawula sampun nglirwakaken pepaken Paduka,

11. ingkang sampun Paduka dhawuhaken lumantar para abdi Paduka, para nabi punika, kanthi pangandika: Tanah kang sira parani lan bakal sira darbeki iku tanah kang najis, marga saka kanajisane para kang manggon ing tanah iku, iya marga saka anggone padha tumindak rusuh nistha kanthi kanisthane ana ing saindenging nagara wiwit ing poncot tekan ing poncot.

12. Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.

13. Sasampunipun kawula ngraosaken samukawis punika sadaya ingkang margi saking piawon kawula, saha awit saking kalepatan kawula ingkang ageng, dhuh Allah kawula, mangka Paduka boten paring paukuman ingkang timbang kaliyan dosa kawula, malah kawula taksih Paduka paringi kekantunan ingkang oncat semanten kathahipun punika,

14. ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.

15. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”