Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 6 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Prabu Dharius banjur dhawuh nitipriksa ana ing gedhong raja-brana ing Babil, papan pasimpenane naskah-naskah.

2. Wasana ing Akhmeta, beteng kang ana ing propinsi Media, tinemu ana gulungan kang isine mangkene:

3. “Piyagem: Ing taun kapisan jamanipun Sang Prabu Koresy, Sang Prabu Koresy ndhawuhaken prentah makaten: Bab padalemaning Allah ing Yerusalem. Padaleman iku kabanguna maneh minangka panggonane wong nyaosake kurban sembelehan lan kurban genenan, dhuwure gedhong sawidak asta lan ambane sawidak asta.

4. Lan kudu dipasangi watu gedhe-gedhe telung larik lan kayu salarik. Dene wragade iku kajupukna saka ing gedhong rajabrananing kraton.

5. Apadene piranti mas lan selaka kang saka padalemane Allah, kang padha dipundhut dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing padaleman ing Yerusalem sarta banjur digawa menyang Babil, iku padha kabalekna, supaya padha balia maneh menyang ing panggonane lawas, padha sira prenahna ana ing padalemaning Allah.”

6. “Kang iku sira Tatnai, bupati ing dhaerah sabrange bengawan Efrat, lan Syetar-Boznai, dalah kanca-kancanira, para punggawa dhaerah sabrange bengawan Efrat, padha ngedoha saka ing kana.

7. Pagawean mbangun padalemaning Allah iku togna bae; bupatine wong Yahudi lan para tetuwane wong Yahudi kareben padha mbangun padalemaning Allah iku ana ing panggonane lawas.

8. Apamaneh prentahingsun mungguh kang perlu sira tandukake marang tetuwane wong Yahudi tumrap pembanguning padalemane Allah iku mangkene: Saka pametune karajan, saka bulubekti ing dhaerah sabrange bengawan Efrat iku kaurusa kanthi tliti lan aja diendhe-endhe kawenehna marang wong-wong iku.

9. Lan apa kang dibutuhake, kayata sapi lanang enom, wedhus gembel lanang, cempe kanggo kurban obaran konjuk marang Allahing swarga, mangkono uga gandum, uyah, anggur lan lenga, miturut pituduhe para imam ing Yerusalem, kabeh iku kudu kawenehake saben dina, aja nganti gothang,

10. supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.

11. Sabanjure ingsun ngundhangake dhawuh: Sapa kang nerak kekancingan iki, cagaking omahe kabedhola siji kagawe nyunduki wong iku ana ing pucuke, karodene omahe kadadekna jugrugan marga saka kang mengkono iku.

12. Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak pututsan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”

Pembangune wus rampung, padalemane Gusti Allah disucekake sarta riyaya Paskah kang kapisan

6:13-22

13. Sang Tatnai, bupati ing sabrange kulon bengawan Efrat, Syetar-Boznai lan sakanca-kancane banjur iya padha nglakoni kanthi nastiti miturut sadhawuhe Sang Prabu Dharius.

14. Para tetuwane wong Yahudi padha mbanjurake anggone mbangun kanthi rancag, kaangsegake dening pamecane Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho; iku iya nganti rampung miturut dhawuhe Gusti Allahe Israel lan dhawuhe Sang Prabu Koresy tuwin Sang Prabu Dharius, apadene Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia.

15. Rampunge padaleman iku nalika tanggal kaping telu sasi Adar, iya iku ing taun kang kaping neme jaman paprentahane Sang Prabu Dharius.

16. Wong Israel, para imam lan para wong Lewi tuwin wong liyane kang padha bali saka ing pambuwangan, banjur padha mahargya anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah iku kalawan bungah-bungah.

17. Anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah mau nganggo nyaosake kurban arupa sapi lanang satus, wedhus gembel lanang rong atus lan cempe wedhus gembel patang atus, sarta minangka kurban pangruwating dosa kanggo wong sabangsa Israel kabeh arupa wedhus berok lanang rolas, miturut cacahe talere Israel.

18. Kejaba iku uga mrenahake para imam ing golongane dhewe-dhewe lan para wong Lewi ing perangane dhewe-dhewe, gegayutan karo anggone padha nglakoni pangibadah marang Gusti Allah kang dedalem ana ing Yerusalem, nyondhongi kang tinulis ing kitabe Nabi Musa.

19. Lan ing tanggal patbelas sasi kapisan wong kang padha bali saka pamboyongan padha ngriyayakake Paskah.

20. Sarehne para imam lan para wong Lewi iku padha sesuci barengan, mulane kabeh padha dadi suci. Banjur padha nyembeleh cempening Paskah kanggo sakehing wong kang padha bali saka ing pambuwangan lan kanggo sadulur-sadulure, yaiku para imam, sarta kanggo awake dhewe.

21. Dene kang padha mangan yaiku wong Israel kang padha mulih saka ing pambuwangan lan uga saben wong kang ngedohi kanajisane para bangsa kang manggon ing kono sarta banjur manunggal karo wong Israel sumedya ngabekti marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

22. Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.