Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 11 Kitab Sutji (JAV)

1. kayadene dhek biyen aku uga ngamping-ampingi, nyantosakake lan mbiyantu panjenengane, yaiku ing taun kapisane paprentahane Dharius, wong Medhia iku.”

Raja ing nagara Lor lan raja ing nagara Kidul

11:2-45

2. “Awit saka iku kowe bakal daksumurupake marang bab kang nyata. Lah bakal ana ratu telu maneh kang jumeneng ana ing nagara Persia, banjur kang kapate iku bakal oleh kasugihan kang gedhe ngluwihi liya-liyane mau, sarta manawa wus dadi santosa marga saka kasugihane, tumuli bakal ngudi kalawan ngetog kakuwatan nglawan karajan Yunani.

3. Sawuse iku bakal ana ratu kang gagah prakosa, kang mrentah kalawan pangwasa kang gedhe lan tumindak ing sakarepe dhewe.

4. Nanging lagi bae madeg, karajane bakal pecah lan kaperang-perang manut keblat papat ing langit, nanging ora tumiba ing turune lan ora kadunungan pangwasa kaya dheweke; sabab karajane bakal ambruk lan banjur kadarbe dening wong liya, dudu wong-wong iki.

5. Ratu ing nagara Kidul bakal dadi santosa, nanging salah sijine senapatine pangwasane bakal ngungkuli dheweke sarta bakal nyekel paprentahan, malah pangwasane banjur dadi gedhe.

6. Sawuse sawatara taun sakarone nuli padha sekuthon: putra putrine raja nagara Kidul bakal nekani ratu ing nagara Lor lan padha nganakake prajanjian, nanging putri mau ora bakal lestari kadunungan pangwasa kang gedhe, uga turune ora bisa lestari: putri mau bakal diulungake dalasan para kang ngiringake, anak kang dilairake lan wong kang ngrabeni.

7. Anadene ing nalika iku bakal ana trubusan kang thukul tunggal saoyod karo putri mau lan bakal madeg nggenteni wong mau, iku banjur bakal nglurugi ratu ing nagara Lor lan lumebu ing betenge, sarta tumindak sawenang-wenang marang wong-wong ing kono tuwin bakal kwasa.

8. Malah para dewane lan reca-recane cithakan apadene raja-branane salaka lan emas bakal padha diusungi dadi jarahan menyang ing Mesir, banjur leren sawatara taun ora perang karo ratu ing nagara Lor.

9. Sawuse mangkono ratu iki bakal nempuh karajan ratu ing nagara Kidul, nanging iya banjur bali menyang ing nagarane dhewe.

10. Anak-anake tumuli bakal tata-tata arep perang lan nglumpukake wadya-bala akeh; banjur ana panunggalane siji kang bakal nempuh nglawan dheweke, samubarang kabeh kaeroban lan kaeleban kaya katempuh ing banjir; lan bareng nempuh kang kapindho bakal nganti tekan ing betenging mungsuhe.

11. Raja ing nagara Kidul iku tumuli nepsu lan maju perang nglawan ratu ing nagara Lor, kang wus nglumpukake wadya-bala kang akeh, lan wadya-bala kang akeh iki bakal kaulungake ing tanganing mungsuhe.

12. Bareng wadya-bala kang akeh iku wus kabengkas, atine temah dadi gumunggung; ewadene sanadyan wus nyirnakake wong pirang-pirang puluh ewu, pangwasane ora lestari.

13. Ratu ing nagara Lor banjur bakal nglumpukake wadya-bala akeh kang kaping pindhone, luwih akeh katimbang kang kapisan, lan sawuse sawatara taun bakal nglurugi perang mungsuhe kalawan wadya-bala gedhe lan piranti perang kang akeh.

14. Ing nalika iku bakal akeh wong kang banjur gumregah nglawan ratu ing nagara Kidul; uga panunggalane bangsamu kang ambek siya bakal gumregah mbalela, temah wahyu mau bakal kelakon, nanging wong-wong mau bakal padha kajengklok.

15. Ratu ing nagara Lor tumuli bakal teka, lan ngadegake tanggul-tanggul pangepungan sarta banjur ngrebut kutha-beteng; wadya-bala ing nagara Kidul bakal ora bisa nandhingi, sanadyan para wadya-balane pepilihan iya ora bisa nanggulangi; ora ana kakuwatan kang bisa lumawan,

16. satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan.

17. Sawuse mangkono bakal banjur ngudi bisane ngwasani karajane wong liyane iku kabeh, tuwin bakal nganakake prajanjian karo dheweke, anake wadon diwenehake kanggo ngrusak karajan iku, nanging sedyane mau ora bisa kasil lan ora bakal njalari kauntungane.

18. Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau.

19. Nuli bakal nglurugi kutha-kutha beteng ing nagarane dhewe, nanging bakal kesandhung lan tiba, banjur wus ora katemu maneh.

20. Anadene kang bakal nggenteni iku wong kang kongkonan juru mupu-beya ana ing wilayah perangane karajan kang endah dhewe, nanging let sawatara dina ratu mau bakal kasirnakake ora marga saka bebendu utawa perang.

21. Banjur digenteni dening wong kang asor, kang ora kadunungan kaluhuraning ratu; nanging ora kanyana-nyana wong iku dumadakan teka lan ngrebut karajan mau kalawan patrap culika.

22. Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone.

23. Wiwit anggone gawe prajanjian kalawan dheweke, bakal atindak culika sarta bakal maju lan dadi mundhak gedhe pangwasane, sanadyan balane sathithik.

24. Ora kanyana-nyana banjur lumebu ing wilayah-wilayah ing nagara iku kang subur dhewe sarta nindakake kang durung tau dilakoni dening para bapa lan leluhure, yaiku ngawud-awud rayahan lan jarahan sarta raja-brana ana ing satengahe rakyate; uga bakal ngrerantam-rantam tumuju marang panggonan-panggonan kang ana betenge, nanging iku mung sawatara mangsa.

25. Pangwasane lan kakendelane bakal dianggo nglawan ratuning nagara Kidul kalawan migunakake wadya-bala akeh; lan sanadyan ratu ing nagara Kidul iku bakal siyaga perang kalawan wadya-balane kang akeh banget lan kang linuwih, nanging ora bisa nanggulangi, awit ana pangrencana kang katujokake marang dheweke,

26. lan wong-wong kang padha mangan tunggal sameja bakal ndadekake bilaine: wadya-balane bakal kentas sarta akeh wonge kang tiwas pinatenan.

27. Ratu sakarone padha duwe kekarepan kang ala; nalika padha lungguh bebarengan ngadhep meja, padha goroh-ginorohan; nanging bab iku bakal tanpa gawe, amarga durung tumeka ing titi-mangsane wekasaning jaman kang kapesthekake.

28. Ratu ing tanah Lor iku banjur bakal bali menyang ing nagarane kalawan nggawa raja-brana akeh, sarta atine ngrancang arep nglawan Prajanjian Suci, lan iku iya tumuli katindakake, banjur mulih menyang ing nagarane.

29. Ing wektu kang wus katemtokake nuli bakal nglurugi nagara Kidul maneh, nanging kang kapindho iki ora bakal padha karo kang kapisan,

30. amarga bakal linawan dening kapal-kapale wong Kitim, satemah ilang kawanene. Nuli mulih kalawan ati kang ngancam-ancam marang Prajanjian Suci, lan bakal tumindak mangkono uga; lan sawuse bali, bakal nggatekake marang wong-wong kang padha ninggal Prajanjian Suci.

31. Wadya-balane bakal jumedhul lan bakal gawe najising papan suci, yaiku betenge, nyuwak kurban dinan lan nganakake kang ora pantes kang ngrerusak.

32. Lan wong-wong kang tumindak duraka marang Prajanjian bakal dibujuk-bujuk kadadekake murtad kalawan tembung-tembung pangonggrong; nanging umat kang wanuh marang Allahe bakal tetep kuwat lan lestari lakune.

33. Tuwin wong-wong panunggalane umat iku kang wicaksana bakal mangretekake marang wong akeh, nanging ing sawatara mangsa lawase bakal padha ambruk dening pedhang lan geni, jalaran ditawan lan dijarah-rayah.

34. Bareng padha ambruk, banjur oleh pitulungan sathithik lan akeh wong kang bakal padha ngguyubi kalawan lelamisan.

35. Para wong wicaksana bakal ana sawatara kang ambruk, minangka pandadaran, panyaringan lan kanggo ngresikake wong-wong mau, nganti tumeka ing wekasaning jaman; amarga wekasaning jaman iku durung tumeka ing titi-mangsa kang wus katetepake.

36. Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.

37. Uga para allahe para leluhure ora dipreduli; kang pinuja-puja dening para wong wadon apadene sadhengaha allah ora direwes, amarga awake dhewe kang diluhurake ngungkuli iku kabeh.

38. Nanging minangka gegentining iku kabeh, bakal ngabekti marang dewane beteng-beteng, dewa kang ora disumurupi dening para leluhure iku bakal disembah-sembah kalawan nggawa emas lan salaka sarta sesotya tuwin barang-barang kang akeh ajine.

39. Sarta bakal nempuh beteng-beteng kang santosa kalawan pitulungane dewa manca iku. Sing sapa ngakoni dewa iki bakal diluberi kaluhuran, bakal didadekake wong kang ngwasani wong akeh lan bakal diwenehi ganjaran tanah.

40. Nanging ing wekasaning jaman bakal diperangi dening ratune nagara Kidul; anadene ratu nagara Lor mau bakal ngebyuk kalawan kreta lan bala jaranan sarta prau akeh; bakal lumebu ing nagara-nagara kayadene banjir kang ngerobi lan ngelebi iku kabeh,

41. samono uga Tanah Endah iya bakal dileboni lan bakal akeh wong kang ambruk; nanging kang oncat saka ing tangane tanah Edom, tanah Moab lan perangane bani Amon kang pilihan.

42. Banjur bakal ngayatake tangane marang nagara-nagara, sanadyan nagara Mesir ora bakal bisa oncat.

43. Raja-brana emas lan salaka lan kabeh barange nagara Mesir kang aji bakal diebeki sarta wong-wong Libia lan ing Etiopia bakal ditawan.

44. Nanging bakal kaget dening pawarta saka ing wetan lan saka ing lor, banjur nglurug kalawan nepsu banget arep nyirnakake lan mbengkas wong akeh.

45. Nuli ngedegake tarub-tarub kamulyan ana ing antarane nagara lan gunung Endah kang suci, nanging sawuse mangkono banjur bakal ngajal, ora ana wong siji-sijia kang mitulungi.”