Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 8 Kitab Sutji (JAV)

Wedhus gembel lanang lan wedhus berok lanang

8:1-27

1. Ing taun katelune paprentahane Sang Prabu Belsyazar, aku, Dhaniel, tampa wahyu sawuse wahyu kang dakdeleng dhisik.

2. Ing sajroning wahyu iku aku ndeleng -- aku ana ing beteng Susan ing wewengkoning tanah Elam nalika ndeleng iku -- aku ndeleng ing sajroning wahyu iku, aku lagi ana ing sapinggiring kali Ulai.

3. Aku ndengengek banjur weruh wedhus gembel lanang ngadeg ing sangareping kali iku; sungune loro dawa-dawa, nanging kang siji luwih dawa tinimbang sijine, dene kang dawa iku thukule keri.

4. Aku ndeleng wedhus gembel lanang iku mbijig mangulon, mangalor lan mangidul, lan ora ana kewan siji-sijia kang bisa lestari ana ing ngarepe lan ora ana kang bisa nguwalake saka ing pangwasane; wedhus mau tumindak sakarep-karep lan dadi gumedhe.

5. Nanging sajrone aku nyawang iku mau, nuli ana wedhus berok lanang teka saka ing kulon, kang ndlajahi salumahing bumi tanpa ngambah lemah; sarta wedhus berok lanang iku ana sungune kang aneh siji kaprenah ing selaning matane.

6. Wedhus iki banjur marani wedhus gembel lanang kang sungune loro, kang dakdeleng ngadeg ing sangarepe kali mau, tumuli ditempuh sarosane.

7. Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane.

8. Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit.

9. Sungune mau ana siji kang kathukulan sungu cilik, kang tumuli dadi gedhe banget, thukule mangidul, mangetan lan ngadhepake Tanah Endah,

10. gedhene nganti tekan ing wewengkoning wadya-balaning langit lan wadya-balaning langit iku, yaiku lintang-lintang, ana sawatara kang katibakake ing bumi sarta banjur kaidak-idak.

11. Malah ana ing ngarsane Ratuning wadya-bala mau iya ngatonake gumunggunge, kurban kang kacaosake marang Panjenengane saben dina, iku karebut, sarta padalemane kang suci dirubuhake.

12. Nuli nganakake tata-panembah kang duraka kanggo nyalini kurban dinan; kabeneran kabanting ing bumi, sarta apa bae kang katindakake, kabeh kelakon.

13. Aku banjur krungu wong suci ngandika lan banjur ana wong suci liyane kang ndangu marang kang ngandika mau mangkene: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadya-bala kang diidak-idak?”

14. Tumuli kaparingan wangsulan mangkene: “Nganti rong ewu telung atus sore lan esok, sawuse iku papan suci mau bakal kapulihake maneh kaanane ing sabenere.”

15. Sajrone aku, Dhaniel, ndeleng wahyu iku lan ngudi bisane mangreti, banjur ana kang jumeneng ana ing ngarepku, kang katon kaya priya;

16. tuwin aku krungu swaraning manungsa saka ing satengahing kali Ulai kang dhawuh mangkene: “He, Gabriel! Wong iku sumurupna marang tegese wahyu iku!”

17. Iku banjur nyelaki aku: bareng wus celak, aku kaget lan tiba kerungkep. Aku banjur dipangandikani: “Mangretia, he anaking manungsa, wahyu iku tumuju marang jaman wekasan!”

18. Nalika panjenengane lagi ngandika marang aku mangkono iku, aku nuli semaput lan tiba kerungkep ing lemah; nanging aku banjur didemek lan diadegake maneh.

19. Sawuse mangkono aku dipangandikani: “Kowe daksumurupake marang apa kang bakal kelakon ing wekasaning bebendu, sabab bab iki tumuju marang wekasaning jaman.

20. Wedhus gembel lanang kang kokdeleng, kang sungune loro iku para ratune bangsa Medhia lan Persia.

21. Dene wedhus berok lanang kang wulune dhiwut-dhiwut iku ratu ing nagara Yunani, sarta sungu gedhe kang dumunung ing saantarane matane loro mau iku ratu kang kawitan.

22. Sabanjure potholing sungu mau kang tilase kathukulan sungu papat, iku tegese: bakal ana karajan papat kang jumedhul saka ing bangsa iku, nanging pangwasane ora padha karo kang dhisik.

23. Ing wekasane karajan-karajan iku, manawa para wong duraka wus kebak pialane, bakal ana ratu kang madeg kang rupane sumengit tuwin kang pinter tumindak goroh.

24. Kakuwatane bakal ngedab-edabi, nanging iya ora kaya kang dhisik, iku bakal nekakake karusakan kang nggegirisi, sarta apa kang katindakake bakal kelakon kasil. Para wong kang kadunungan pangwasa bakal kasirnakake, samono uga bangsane wong suci.

25. Lan marga saka julige, anggone ngengapusi bakal oleh gawe. Sateruse banjur bakal dadi gumunggung, lan ora kanyana-nyana akeh wong kang dumadakan disirnakake; uga bakal nglawan Ratuning para ratu. Nanging tanpa katandangan tanganing manungsa, bakal kalebur.

26. Dene wahyu bab peteng lan esuk, kang kapangandikakake, iku nyata. Nanging kowe, wahyu iku simpenen, sabab bab iki tumuju marang kang kelakone isih suwe banget.”

27. Aku, Dhaniel, kesel banget temah banjur lara sawatara dina; sawuse mangkono aku tumuli tangi lan nindakake ayahane Sang Prabu maneh. Anadene wahyu mau ndadekake horeging atiku kang banget, nanging ora ana kang mangreti.