Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 4 Kitab Sutji (JAV)

Prabu Nebukadnezar gumunggung banjur disorake dening Gusti Allah

4:1-37

1. Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!

2. Ingsun karsa nyariyosake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat kang wus katandukake marang ingsun dening Allah kang mahaluhur.

3. Saiba agunge pratandha-pratandhane lan saiba anggone ngedab-edabi mukjijat-mukjijate! Karajane iku karajan kang langgeng sarta paprentahane iku turun-tumurun!

4. Ingsun, Nebukadnezar, manggen ing dalemingsun kalawan tentrem sarta gesang kalawan suka-rena ana ing kratoningsun;

5. nuli ingsun tampi supena kang ngejotake ingsun, sarta gegambaraning supenaningsun ana ing pasareaningsun tuwin wahyu kang ingsun pirsani ora nentremake ingsun.

6. Ingsun banjur ngundhangake dhawuh, supaya sakehe wong wicaksana ing nagara Babil padha kairida sowan marang ingsun, amrih padha ngunjukna uninga marang ingsun bab maknaning supena mau.

7. Sawuse mangkono para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha sowan ngadhep sarta ingsun nuli nyariyosake supena mau marang wong-wong iku, nanging padha ora bisa ngunjuki uninga bab maknane marang ingsun.

8. Wasana Daniel sowan ing ngarsaningsun, yaiku Dhaniel kang aran Beltsazar manut asmaning dewaningsun, lan kang kapenuhan ing rohing para dewa kang suci. Iku nuli ingsun cariyosi bab supena mau:

9. He Beltsazar, kepalaning para sarjana! Ingsun mirsa, manawa sira kapenuhan ing rohing para dewa kang suci sarta manawa ora ana wewadi kang angel tumrap sira! Mulane wahyu supena kang ingsun tampi iki unjukna maknane.

10. Anadene wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku mangkene: ing tengah-tengahe bumi ana sawijining wit kang dhuwur banget;

11. wit iku dadi gedhe lan kukuh, dhuwure nganti sundhul ing langit lan nganti kena kadeleng saka ing poncot-poncote salumahing bumi kabeh.

12. Godhong-godhonge endah, wohe mbiyet, pametune dadi pangane sarupaning titah; kewan-kewan ing ara-ara padha ngeyub ing sangisore sarta manuk ing awang-awang pada nusuh ana ing pang-pange, apadene sakehing makhluk padha oleh pangan saka ing kono.

13. Sawuse mangkono ing wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku katon ana wong jaga, wong suci, kang tumurun saka ing langit;

14. iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!

15. Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi!

16. Atining manungsane cikben salin lan diwenehi atining kewan. Anggone mangkono iku lawase nganti pitung mangsa.

17. Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lang maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.

18. Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci!”

19. Sang Dhaniel kang asma Beltsazar banjur legeg-legeg nganti kepara suwe, kejot dening panggraitane. Sang Prabu ngandika: “Beltsazar, supena lan maknane aja nganti ngagetake sira!” Unjuke Sang Beltsazar: “Dhuh gusti kawula, supena punika mugi tumanduka dhumateng mengsahipun gusti kawula sarta maknanipun dhateng satrunipun gusti kawula!

20. Wit ingkang kapirsanan ing gusti kawula punika, ingkang dados ageng saha kekah, ingkang inggilipun ngantos sundhul ing langit saha katingal ing salumahing bumi,

21. ingkang ronipun endah-endah saha wohipun mbiyet tuwin kadunungan tetedhan kangge sadaya ingkang gesang, ingkang ngandhapipun kangge pakendelan kewan-kewan ing ara-ara saha pang-pangipun kangge nusuh peksi-peksi ing awang-awang --

22. punika gusti kawula, dhuh Sang Prabu, gusti kawula ingkang sampun dados agung saha santosa, ingkang kamulyanipun wewah-wewah ngantos sundhul ing langit, ingkang pangwaosipun ngantos dumugi ing poncoting bumi!

23. Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase --

24. punika maknanipun makaten, dhuh Sang Prabu, saha punika putusanipun Ingkang Mahaluhur tumrap gusti kawula Sang Prabu:

25. gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken.

26. Ingkang kapratelakaken bab ngendelaken tunggaking wit mau, punika tegesipun: gusti kawula enggal badhe ngasta karajan punika malih, sasampunipun gusti kawula ngakeni, bilih ingkang kagungan pangwaos punika Swarga.

27. Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes -- bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”

28. Kabeh mau iya kelakon tumanduk marang Sang Prabu Nebukadnezar;

29. awit sawuse rolas sasi, nalika panjenengane pinuju ameng-ameng ana ing dhuwur kadhaton ing Babil,

30. Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”

31. Durung telas pangandikane Sang Prabu, nuli ana swara kapireng saka ing langit: “Heh Prabu Nebukadnezar, sira kaparingan unninga, manawa karajan wus ngalih saka ing sira;

32. sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”

33. Padha sanalika pangandika iku banjur kelakon tumrap Sang Prabu Nebukadnezar, panjenengane katundhung saka ing antaraning manungsa tuwin dhahar suket kaya sapi sarta sarirane katetesan ing ebuning langit, remane dadi panjang kaya wuluning manuk garudha lan kenakane kaya kukuning manuk.

34. Nanging bareng wektu kang katemtokake wus kliwat, ingsun, Nebukadnezar tumenga marang ing langit sarta akal-budiningsun bali maneh marang ingsun. Ingsun banjur memuji marang Kang Mahaluhur lang ngluhurake sarta mulyakake Kang Gesang Langgeng, marga pangwaose iku pangwaos kang langgeng tuwin karajane iku turun-tumurun.

35. Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”

36. Nalika akal-budiningsun bali marang ingsun, kaluhuran lan kamulyaningsun uga bali marang ingsun, ndedakake misuwuring karajaningsun. Para mentriningsun lan abdiningsun para panggedhe padha methuk marang ingsun; ingsun kawangsulake marang ing karajaningsun, malah ingsun banjur tampi kaluhuran kang ngungkuli kang wus kapungkur.

37. Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.