Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 12 Kitab Sutji (JAV)

Wekasaning jaman

12:1-13

1. “Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.

2. Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.

3. Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.

4. Nanging kowe, Dhaniel, kabeh pangandika iku simpenen, sarta Kitab iku segelen nganti tumeka ing wekasaning jaman; akeh wong kang bakal niti-priksa, apadene kawruh bakal saya wuwuh.”

5. Sawuse mangkono aku, Dhaniel, ndeleng ana priya loro liyane jumeneng, kang siji ana ing sapinggiring kali ing sisih kene, sijine ana ing sapinggiring kali ing sisih kana.

6. Kang siji matur takon marang kang ngagem pangageman lena, kang ana ing sadhuwure banyuning kali mau: “Bening punapa prakawis-prakawis ingkang ngeram-eramaken punika anggenipun badhe rampung?”

7. Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”

8. Dene aku, pancen krungu pangandika iku, nanging ora ngreti, mulane banjur matur pitakon: “Dhuh Bendara kawula, punapa wekasanipun punika sadaya?”

9. Nanging panjenengane mangsuli, pangandikane: “Wis ta, Dhaniel, lungaa awit pangandika iki bakal tetep winadi lan segelen nganti wekasaning jaman.

10. Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti.

11. Wiwit kasuwake kurban dinan lan madege dewa-dewaning kanisthan kang ngrerusak iku ana sewu rong atus sangang puluh dina.

12. Rahayu wong kang tetep nganti-anti tumeka sewu telung atus telung puluh lima dina.

13. Nanging kowe, lestaria nganti tumeka ing wekasaning jaman, kowe bakal ngaso lan tangi nampani pandumanmu besuk ing wekasaning jaman.”